Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
49 dari 149
193–194 dari 650
1.922–1.931 dari 6.494
| 049.096 | nglangi bathang anurut ing kali | ana alor agêng tan upama | pun Tunggulwulung wastane | yèn jalmaa amuwus | baya mêngko ngulun apanggih | kalawan gustiningwang | mangke ingwang naur | utang ingsun duk ing kina | dyan sinăngga Senapati ing Mantawis | tan têlês dening toya || |
| 049.097 | alor ika purwanira uni | tatkalanya Senapati sira | acangkrama sawangane | Kali Samas kinêbur | kinarakad jambêt myang cundhik | anco lawan pêpêcak | wuwu sèsèr susuk | salir mina sami têlas | ana alor kapanggih dhasaring warih | kagiri-giri gêngnya || |
| 049.098 | pan kasatan mêntas datan kêni | wong Mêtaram samya parêbutan | anyêkêli ing olore | ginawa mêntas sampun | ngaturakên mring Senapati | rêna dènira mulat | alor dibya anung | sigra sira binusanan | ajamang mas akêkalung lulut adi | kang kinarya kêncana || |
| 049.099 | nulya sira nguculakên aglis | alor ika sampun sinung aran | pun Tunggulwulung wastane | matanira mawêlu | lir baskara ujyala sami | lamun tinon ing toya | pangagennya murub | lir palwa ingabong ika | saparane samya gawok kang ningali | mapan ratuning mina || |
| 049.100 | Senapati anganyut ing kali [[f. 182v]] | mapan kandhêk anèng ing Bangkawa | ngadêg samodra pinggire | alun sêgara kidul | tri gumuruh kagiri-giri | gurnita kadya gêlap | gêdhene sagunung | tan owah ing warnanira | sandeya tyas Senapati masukêt ing | manah dèrèng kabuka || |
| 049.101 | Senapati manahira wani | malêbua sajroning samodra | sangking ewuh ing margane | Senapati anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Kang | Amurwèng Pandulu | sigra dhatêng kang plahara | umyus mêsês bayu badranira angin | anug kayu rug sêmpal || |
| 049.102 | sêgaranya gumêtêr awêdi | toya minggah lir ngungkuli arga | Senapati ing lêbune | kagnyat[1] Nyai Ra Kidul | duk tumurun dènira linggih | arsa amanggihana | kang ngontêrkên banyu | baya ingaran kiyamat | mêngko iki Nyai Kidul adhatêngi | tumêkèng pinggirira || |
| 049.103 | Nyai Kidul mulat jagat ênting | kang kasăngga dènirèng buwana | tan ana jalma liyane | mung Senapati iku | ingkang ngadêg pinggiring tasik | tan ana lyan katingal | nanging jalma luhung | Nyai Kidul sigra mujar | baya iki kang gawe obahe tasik | antya dènira rusak || |
| 049.104 | Nyai Kidul sigra mudhun prapti | ing pinggire sidhêku mangrêpa | iki dhukuh ing tasike | sigra mangsah cumundhuk | marang Senapati Mêtawis [[f. 183r]] | Nyai Kidul manêmbah | mangusap ing lêbu | tumungkul sigra mangrêpa | palungguhe abukuh konjêm ing siti | grananara[2] mamya[3] muka |[4]| |
| 049.105 | Nyai Kidul sigra matur aris | risang dibya paduka ilangna | aru-ara ing galihe | lêtuh kang ponang banyu | saisine ingkang jaladri | pan andika gustiku |[5] jruning jagat iku | pan kagungane sêdaya | mapan anut sakarsa andika gusti | jim lawan parayangan || |
193–194 dari 650
| 1 | kagyat. (kembali) |
| 2 | grananira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.104.10). (kembali) |
| 3 | myang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.104.10). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: grananira myang muka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.104.10). (kembali) |
| 5 | Biasanya guru lagu a: pan gustiku andika. (kembali) |