Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 149
216–217 dari 650
2.154–2.163 dari 6.494
051.182 Martalulut wong Singanagari | samya matur gusti Senapatya | pundi patih ing Dêmake | pinêjahan pukulun | Senapati ngandika aris | ulun iki tan wênang | dudu pasthiningsun | asêdya amatènana | ariningsun dipati ing Dêmak singgih | matia ing kunjara ||
051.183 Sang Dipati [[f. 206v]: Di...pati] Bênawa anênggih | sukan-sukan anèng pagêlaran | ngalun-alun ing Pajange | anabuh galaganjur | akasukan abêksa rangin | para mantri sadaya | prasamya awuru | amrang lêngên para tatang | para campah candhala anyênyabari | ing Pajang ulun dibya ||
051.184 Senapati Ngalaga umijil | kang pinandhi kêkapani[1] kuda | pun Gênthayu ing wastane | lawan pun Macanguguh | wastanipun ingkang kêndhali | gong pun Sêkardalima | babêrkatanipun | dèn agêm sultan ing Pajang | sakathahe babêrkatan kang rumiyin | binêktèng pagêlaran ||
051.185 Senapati sineba ing mantri | pagêlaran ngalun-alun Pajang | singangsana lêlinggihe | lêlèmèkira babut | mèsi sêkar kang nagasari | ujyalane kaprabyan | lir wulan awêlu | risêdhêng lagya purnama | wadya anon tumungkul konjêm ing siti | mantri padha mangrêpa ||
051.186 Adipati Bênawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | paduka jumênêng age | Sultan Pajang puniku | sinebaa sakèhing mantri | mapan sampun prayoga | dene putra sêpuh | atêguh dibya prakosa | lintang sêkti para ratu tanah Jawi | tan ana kang wania ||
051.187 Senapati Ingalaga angling | yayi adipati ing Bênawa | tarima ing pracayane | pan dudu waris ingsun | gumantia ing rama aji | jumênêng Sultan Pajang | kagêdhèn puniku | ulun pinasthi amurwa | tanah Jawa angalahakên ing jurit | kutha Pajang kang rusak ||
051.188 anèng têmbe[2] rata tanah Jawi | ratu mănca tan ana sawala | padha apranata kabèh | rat Jawa padha têluk | gih puniku Sultan Mêntawis [[f. 207r]: Mêntawi...s] | kapêrnah putuningwang | pasthi kang kapangguh | jumênêng ratu pandhita | kèdhêp kabèh ratu sabrang angêjawi | Madura lan Palembang ||
051.189 ulun iki winaris rama ji | ing Mêntaram sun gugoni ika | bêbakali kangelane | yayi ing karsaningsun | jênêng para yogya gumanti | malêbua kadhatyan | mêngkua kaprabun | Dipati Bênawa mujar | kakang aji kawula dhatêng nglampahi | sumăngga karsa tuwan ||
051.190 Pangeran Bênawa matur aris | sakèhe kagunganing jru pura | pan sumăngga ing karsane | Senapati amuwus | atarima ulun puniki | yayi pracayanira | kang marang ing ulun | sakathahe rêtna Pajang | simpênana karyanên dandanan benjing | kutha Pajang kang rusak ||
051.191 lan gawenên anênutut mantri | dananira myang kêncana rêtna | kang ayu endah rupane | iku pan sukanipun | wong ngawula marang nrêpati | yayi sira bêbakal | jênêngira prabu | kurange sênjatanira | tumbasêna sêlakanira myang picis | wajik dandanan aprang ||
216–217 dari 650

 


1 kêkapaning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.17.2). (kembali)
2 têmbèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.20.1). (kembali)