Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 149
217–218 dari 650
2.167–2.176 dari 6.494
051.195 Senapati Ingalaga angling | yayi Êmas Pangeran Bênawa | lah ta bênêr sasmitane | babêrkatan sun pundhut | ulun bêkta dhatêng Mantawis | kang cinandhi ring pura | rama ji lan ingsun | têmên-tênmên[1] kênèng kêdhap | sarasane srêngkara kalayan manis | tan kengang pisahêna ||
051.196 lah kantuna yayi ingsun pamit | mulih marang nagarèng Mêntaram | sun èstokkên salamête | yayi sapukur ingsun | Adipati Bênawa nangis | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sêsambate lir wanita | kang sinamban[2] amung kang rama suwargi | datan narka panggiha ||
051.197 enjing mangkat Kyai Senapati | kang binêkta makutha bêrkatan | gong Ki Sêkardalimane | kêkapa Ki Gênthayu | lawan malih ingkang kêndhali | Macanguguh kang nama | sadaya pan kantun | ya ta Sang Dipati Dêmak | duk sinusul Gunung Kêndhêng pêrnahnèki | pinêtêg anèng Serang ||
051.198 Senapati lampahira aris | ginarêbêg ingkang wadyabala | prapta ing Mêntaram age | tumama ing kêdhatun | Senapati jumênêng aji | sêmana ingestrenan | Sunan Adilangu | lawan mantri pamajêgan | wong Kajoran kabèh seba mri Matawis | sasirnane ing Pajang ||
051.199 Adipati [[f. 208r]] Bênawa anênggih | anèng Pajang jumênêng nalendra | lagi satahun lamine | sêmana nulya surud | ginêntosan dening kang rayi | Senapati Ngalaga | pangeran tumênggung | ingkang agêntosi Pajang | karanira Sitigil kilèn pêrnahing | aja madha Mêntaram ||
051.200 wêwangunan jêng sultan ing nguni | sakathahe wawêkoning[3] pura | ginêmpur Lêmahdhuwure | lan pasareanipun | kaingrêran wetan prênahe |[4] kaênggonan ing wisma | pangeran tumênggung | sakulone kutha Pajang | kang astana wong Arab kang aran Aji | winêlar kutha Pajang ||
051.201 linêbokkên ing astana nênggih | jruning kitha karsane punika | pan dèn ambil barêkate | dening pangran tumênggung | purwanira dawa kithaning | patuting punang bata | pasagi rumuhun | Pangeran Tumênggung Pajang | tan warnanên Senapati ing Mantawis | lami jumênêng nata ||
051.202 wus kaloka ing rat tanah Jawi | Senapati Ngalaga Mêntaram | lawan sakulawangsane | dintên Soma sang prabu | miyos pagêlaran tinangkil | pêpak kang wadyabala | ing ngarsa supênuh | miwah ingkang para putra | para ari Pangeran Amangkubumi | Pangeran Singasêkar ||
051.203 pêpak sêntana samya anangkil | Kyai Juru mugèng ing ngayunan | sang nata pangandikane | mring kang wadya sadarum | sakèhing wong ingsun Mantawis | padha angèstrènana | si paman sun jujung | dadia Patih Mêtaram | ingkang sarta ingsun alih kang wêwangi | Dipati Măndaraka ||
051.204 ingkang wadya samya angèstrèni | yèn Ki Juru jumênêng pêpatya | Dipati Măndarakane | apan ta wus misuwur [[f. 208v]: mi...suwur] | dadya patih nagri Mantawis | miwah para sêntana | sadaya jinunjung | lungguhe sinoma-sama | panêmbahan jêngkar dènira tinangkil | kondur ing dhatulaya ||
217–218 dari 650

 


1 têmên-têmên (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.28.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.27.8). (kembali)
2 sinambat (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.28.9). (kembali)
3 wawêngkoning. Bandingkan: wêwêngkoning (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.32.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.83.2). (kembali)
4 Biasanya guru lagu i: prênahing. Bandingkan: ingingêran wetan puniki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.32.5); dèn ingêr ing wetan puniki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.83.5). (kembali)