Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51 dari 149
199–200 dari 650
1.982–1.991 dari 6.494
| 051.010 | sira anganggea pagêr bumi | lah tagên wongira Mataram |[1] sabên-sabên katigane | nyithaka bata agung | sabên warsa têka sathithik | sapakolèh wong dhomas | anganggea sokur | ingarah dadi bacingah | pirabara lumaku aja lan kibir | batanên sabên dina || |
| 051.011 | nulya nyadhak mandêm cinangking |[2] isi toya susunan lumampah | akarya watês dalême | toya mandêlêm mancur | ingidêran sarwi adhikir | ingubêngan[3] sadaya | dene kang sinuhun | turutên iku ing bejang | bêbataa wong dhomas cacah Mêntawis | dadi bata lan karsa || |
| 051.012 | ênêngêna nagari Mêtawis | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | miyos sangking kadhatone | siniwi lêmahdhuwur | ing dhêdhampar kancana adi | abra ujyalanira | alêlèmèk [[f. 187r]: a...lêlèmèk] babut | wanodya nyêkêl badhama | angapit ing sang nata kalawan badhil[4] | sajata[5] kèri kanan || |
| 051.013 | mantri Pajang pêpêk samya nangkil | samya matur kang wadya sadaya | kawula mirsa wartine | putra dalêm sang prabu | Senapati anèng Mêtawis | yêkti karsa balika | wong dhomas lumaku | anyithak arsa bêbata | karya kitha bacingah arah kinardi | anjrokakên lêlarènnya |[6]| |
| 051.014 | Kangjêng Sultan Pajang ngandika ris | sutèng ulun Dipati Bênawa | sira lumakua age | kalawan si tumênggung | Patih Măncanagara iki | lawan Dipati Tuban | barênga lumaku | sira maringa Mêtaram | ucapêna kakangira Senapati | têmên dèn marènana || |
| 051.015 | lan maninge apa ora eling | yèn dhèwèke ngawula ing Pajang | takonana sayêktine | kang dadi purwanipun | apa nyata |[7] marang ing jênêng iwang | warahên kakangmu | Pangran Bênawa tur sêmbah | lan kang raka tanapi rêkyana patih | lèngsèr sangking ngayunan || |
| 051.016 | wontên mantri ing Pajang satugil | amiyarsa karsane sang nata | nulya aputusan age | pun Pangalasan sèwu | tugil guru lan Senapati | mring Sunan Kalijaga | iku purwanipun | utusane wus lumampah | sêsandêran sipêng sadalu ing margi | ejing prapta Mêtaram || |
| 051.017 | wus cumudhuk[8] ing ngarsa ngabêkti | sarta ngaturakên kang pitukas | rayi paduka sêmbahe | tur uninga pukulun | ditên[9] bejing duta kang prapti | pangeran ing Banawa | lawan ki tumênggung | kang aran Măncanagara | lawan mantu anênggih Dipati Tubin | tri padha wilotama || |
| 051.018 | gêgamane tan kêna winilis | kalakung watir rayi paduka | mila [[f. 187v]] aputusan age | Senapati amuwus | sun tarima sihe si adhi | kang maring jênêng ingwang | bokmênawa besuk | isun bisa mangsulana | aturêna salam dongaku mring adhi | kang duta amit nêmbah || |
| 051.019 | Senapati Ingalaga aglis | sigra mapak anèng Randhulawang | lawan sêntanane kabèh | dêdamêl dhomas kumpul | ingkang rayi samya angiring | wadyabala Mataram | padha gawa suguh | gajah jaran pan samatya[10] | wong Mataram kêrig kabèh dhudha santri | kandhêg ing Randhulawang || |
199–200 dari 650
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah atêgên wongira Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.11.2). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nulya nyandhak mandêlêm cinangking (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.12.1); nulya nyandhak mandhêlêm cinangking (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.12.1). (kembali) |
| 3 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
| 4 | bêdhil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.13.9). (kembali) |
| 5 | sanjata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.13.10). (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: anjrokkên lêlarenya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.14.10). (kembali) |
| 7 | Kurang lima suku kata, dan biasanya guru lagu i: apa nyata kakangmu balik. (kembali) |
| 8 | cumundhuk (dan di tempat lain). (kembali) |
| 9 | dintên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.17.5). (kembali) |
| 10 | samaktya. Bandingkan: samêkta (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.18.8). (kembali) |