Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 149
209–210 dari 650
2.085–2.094 dari 6.494
051.113 Adipati Bênawa sigra ngling | sakabèhe para mantri Pajang | padha sun jaluk tarèhe | ulun kinon apatut | pitungkase kangjêng rama ji | Senapati Ngalaga | pinutra pêmbayun | kang rama mapan wus seda | prayonggèngsun[1] pun kakang ingsun putusi | sinung wruh sultan mafan[2] ||
051.114 bêcik gêlêm tan gêlêma singgih | mapan iku kadang ingsun tuwa | jêng rama ji gêgantine | dununge sêmbah ulun | mantri Pajang kabèh umiring | dutanira umêsat | prapta ing Mêtarum | tumama ing panangkilan | wus cumundhuk ing ngarsane Senapati | duta matur anêmbah ||
051.115 lampah ulun ingutus kang rayi | Kangjêng Gusti Pangeran Bênawa | ngaturakên ing sêmbahe | katura ing pukulun | pitungkase arinta gusti | angaturi uninga | ramanta sang prabu | kangjêng sultan sampun seda [[f. 199v]] | yèn marêngi kalayan lêganing galih | paduka ingaturan ||
051.116 pinaraka ing Pajang anênggih | ingarsa-arsa rayi paduka | ingantos anucèkake | ing layonnya sang prabu | amiyarsa Sang Senapati | kagagas ing wardaya | sedane sang prabu | Senapati angandika | mring kang paman Kyai Juru Amêrtani | dhèrèka dhatêng Pajang ||
051.117 Senapati sigra nulya nitih | ing undhakan lampahe anongklang | nulya prapta Pajang age | tumamèng ing kêdhatun | sapraptane layongn[3] sang aji | tumulya sinungkêman | padane sang prabu | Senapati Ingalaga | pangèstune mring kang rama kadya masih | syargi kang panjênêngan ||
051.118 tan antara layon dèn sirami | wus kinapan sêmbayange pisan | rinămpa binêkta age | pinêtêk anèng Butuh | sigra maos donga talêkim | andonga sampun tamat | sigra nulya mantuk | prapta ing nagari Pajang | pakumpulan sakèhe pandhita mantri | pêpêk sêntana putra ||
051.119 Susuhunan Kudus sigra angling | marang sakèh para mantri Pajang | putra sapa ing yogyane | ingkang gumanti ratu | sinebaa ing para mantri | sami matur sadaya | mring Susunan Kudus | yèn suwawi lawan karsa | Adipati Bênawa yogya gumanti | putra jalu satugal ||
051.120 Sunan Kudus angandika aris | tan sêmbada iku [[f. 200r]] gumantia | Adipati Bênawane | kang yogya dadi ratu | adipati ing Dêmak singgih | mapan iku kang tuwa | ibu bapa ratu | kang èstri putra kang tuwa | Sultan Pajang kang lanang putrane iki | adipati ing Dêmak ||
051.121 ingkang mantu yogya dadi aji | dene wadon lawan lanang ika | karo têrah kusumane | Dipati Bênawèku | sampun kinèn linggih nagari | ing Jipang kang wasiyat | sultan duk karuwun | yogya maringa ing Jipang | awismaa lawan jumênênga aji | ing Jipang sinebaa ||
051.122 Senapati sêdya turun angling | nulya sinaru mring Ki Juru mujar |[4] Senapati payo mulèh | anulya sami kondur | anèng marga Ki Juru angling | Senapati Ngalaga | ayya turun wuwus | sakarsane wong sêsanak | silih ukih akudon rêbut nagari | sokur dadia aprang ||
209–210 dari 650

 


1 prayogèngsun. Bandingkan: prayogane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.46.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.85.9). (kembali)
2 mafad. Bandingkan: mapad (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.85.10); seda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.46.10). (kembali)
3 layon. (kembali)
4 Lebih satu suku kata. Bandingkan: gya sinaru Kyai Juru mojar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.54.2; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.123.2); dyan sinaru Kyai Juru mojar (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.93.2). (kembali)