Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51 dari 149
210–211 dari 650
2.098–2.107 dari 6.494
| 051.126 | mantri Pajang garêsah ing ati | dene kalong ingkang gêgadhuhan | padha ala pangucape | age anaa mungsuh | dèn rusaka Pajang puniki | katuwane wak ingwang | tinilar ing ratu | kaliwat dening alara | kèh durjana ing Pajang wong bêdhog ngutil | anayab wong bêbegal || |
| 051.127 | mantri Pajang kabèh padha miring | panêdhanira anaa karya | dhatêng ratune kang mangke | apan adarbe kayun | Kyai Senapati Mêtawis | mantri Pajang kang lama | Pangalasansèwu | aputusan mring Mataram | duta mêsat lumampah sadalu margi | enjing prapta Mataram || |
| 051.128 | duta mangsah tumama ing puri | Senapati kapanggih pinarak | kang duta lajêng lampahe | cumundhuk anèng ngayun | sigra matur saha wotsari | kawula kang putusan | Pangalasansèwu | atur uninga paduka | rayi dalêm ing Dêmak jumênêng aji | gumanti Sultan Pajang || |
| 051.129 | mantri Pajang tan sarju kang ati | datan eca gènipun ngawula | dhatêng ratu ingkang mangke | gêgadhuhan pinundhut | tigang atus satus kang maksih | abdi dalêm sadaya | alit manahipun [[f. 201r]: manahipu...n] | marmane miring kang manah | Pajang risak ing dalu garigis maling | yèn rintên rêbat sawah || |
| 051.130 | yèn sêmbada lan kêrsaning gusti | darbe karsa angrabasèng Pajang | mapan sêdhêng mupung mangke | Pajang lagya rahuru[1] | mantri anyar arêbat bumi | wadya Pajang kang lama | mung gusti pukulun | ingkang dipun arsa-arsa | samangsane darbe karsa nuli balik | umiring ing paduka || |
| 051.131 | Senapati angandika aris | lah sang duta isun atarima | sangking sangêt pracayane | tan bisa malês ulun | maring kănca kang padha asih | ingsun pan durung arsa | nganti sih Yang Agung | angrabasèng maring Pajang | pirabara dongane wong sanêgari | rusak Dipati Dêmak || |
| 051.132 | lamun ingsun kinon de Yang Widi | mapan gampang rusake ing Pajang | Dipati Dêmak patine | yèn kinarsakkên ingsun | dening Sukma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | yèn ta mêksih kukuh | tan kêna sinêdya rusak | dening jalma nugraha lara lan pati | pêsthi kagunganing Yang || |
| 051.133 | duta mantuk ing Pajang wus prapti | kang kocapa Pangeran Bênawa | ing Jipang nênggih prajane | asakit galihipun | datan kêna dhahar lan guling | lumampah kasutapan | asru dènnya nêngkung | nalika ayun adhahar | lamun ana sisane wong kang abukti | tibèng lêmah dhinahar || |
| 051.134 | lamun dalu sinêru kang brangti | anaritis pêrnahirèng nendra | tan kasongan ing wangane | wayah ing têngah dalu | nulya ana syara mèngêti [[f. 201v]: mèngê...ti] | datan awarna rupa | syara kang karungu | sira ngambila sêrana | kakangira Senapati wus pinasthi | kang têtulung ing sira || |
| 051.135 | sarêng myarsa syara kang mèngêti | nulya wungu ngandika ing wadya | hèh ta sira ingsun kokon[2] | ingkang pitungkas sampun | asebaa marang Matawis | dèn êntèk aturira | mangkat kang ingutus | tan antara nulya prapta | ing Mataram Senapati pan kapanggih | sêdhêngira sinewa || |
210–211 dari 650
| 1 | Bandingkan: ra-uru (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.101.4). (kembali) |
| 2 | kongkon. (kembali) |