Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51 dari 149
200–201 dari 650
1.997–2.006 dari 6.494
| 051.025 | Adipati Banawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | ulun ingutus wiyose | kangjêng rama sang prabu | jêngandika kapirsa nêgih[1] | ing rama jêngandika | yèn karsa amusuh | angrabasèng kutha Pajang | inggih yêktos punapa batên sayêkti | ulun nêdha jinarwan || |
| 051.026 | Senapati wuwusira aris | măngsa barong kang matur mring sultan | ratu pan têrus tingale | têrkane manah ulun | datan samar sri narapati | saparipolah iwang | bêrkate sang prabu | kagungan dalêm Mêtaram | datan narka yèn ulun ingkang barbeni[2] | mapan kagungan sultan || |
| 051.027 | ulun angaturakên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mêtaram | jêngandika pan gustine | yèn suwawi ing kayun | tumanduka dhatêng Mêtawis | mapan nêgaranira | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | tampu arak waragang || |
| 051.028 | Adipati Banawa sigra ngling | pra tumênggung ing măncanagara | nyata linyok ing wartane | bakite [[f. 188v]] ingkang matur | marang rama sultan ing nguni | yaktine iki ora | ujare amusuh | ingsun piyandêl si kakang | ing bêcike sakèhe wadya Mêtawis | dadi tinaha warta || |
| 051.029 | Adipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mêtaram | tumanduk ing jro purane | sang dipati alungguh | pinarêk ing wadya Matawis | adhèr[3] wadya ing Pajang | ing ngarsa ing ngarsa supênuh |[4] amudhut[5] êbrêm waragang | Senapati agupuh dènira nglarihi |[6] galaganjur tinêmbang || |
| 051.030 | adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | ulun midhangêt wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mêtaram | yèn alêkas kasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya || |
| 051.031 | Senapati Ngalaga nauri | abdi dalêm Mataram yèn bêksa | rangin sondhèr kang ginawe | yèn gêguyon anginum | papah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | sami tiyang sudhu | kawruhe mung sêkul ulam | papah gêdhang tan wontên tinigas pancing | bubare sinêmpugan || |
| 051.032 | adipati gumujêng sigra ngling | batên sami kalayan wong Tuban | wong Mêtaram digjayane | yèn bêbêksan anginum | wong ing Tuban yèn bêksa rangin | lêmbing têmên kinarya | gêguyon anginum | tur sarwi atadhah dhadha | pan aganti tur sami lêmbing-linêmbing | wus wantune wong Tuban || |
| 051.033 | atanapi yèn abêksa rangin [[f. 189r]] | tubak têmên kang kinarya watang | ingkang minăngka[7] sodore | abêbêksa anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan ana kondur | sampun wantune wong Tuban | alah paran mangke andika yêktèni | digjayane wong Tuban || |
| 051.034 | Senapati Ingalaga angling | têtiyang dalêm Mataram tiwas | sami widhung ing tandange | lagya sami sinau | dèrèng wontên ingkang rêspati | wantune tiyang desa | yèn bêksa anginum | sami gagak awurahan | mung cangkême gumêdêr ambaribini | yèn bêksa tan tiyasa || |
200–201 dari 650
| 1 | nênggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.24.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.1.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.24.5; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.30.5). (kembali) |
| 2 | darbèni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.31.9). Bandingkan: andarbèni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.25.9). (kembali) |
| 3 | andhèr (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.6; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.34.6). (kembali) |
| 4 | Lebih tiga suku kata: ing ngarsa supênuh. Bandingkan: amrêgil supênuh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.7). (kembali) |
| 5 | amundhut (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.8; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.34.8). (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Senapati agêpah dènnya anglarih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.9); Senapati agêpah dènnya alarih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.34.9); ya ta nuli agêpah dènnya anglarih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.9). (kembali) |
| 7 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |