Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 149
200–201 dari 650
1.993–2.002 dari 6.494
051.021 Senapati Ingalaga angling | yayi Êmas Dipati Banawa | nitih èsthi dèn age |[1] ngandikaa ing luhur | ing dipăngga mapan abêtcik[2] | nulya sarêng aminggah | ing palana sampun | panakawan Astradaya | wadya Pajang aboncèng luhuring èsthi | angucap jroning nala ||
051.022 bokmanawa wontên karya jurit | nginggile liman ulun sarênga | mati kalawan gustine | têtaline ing pungkur | palanane dipun pêtthêti[3] | ing pangot cêcebolan | iku purwanipun | wadya Mêtaram yèn seba | pangot cebol kinandhutan kêna kari | binakta mara seba ||
051.023 tarkanira Astradaya iki | karanipun sun pêthêti ika | aling-aling têtaline | gampang amiyak [[f. 188r]: ami...yak] ingsun | lamun ana akarya jurit | gèn ingsun têtulunga | marang gustèningsun | karana nginggiling liman | jurunira Senapati aran Malik | sarêng dugang gulunya ||
051.024 tarkanira manahe Ki Malik | karan iwang sarêng dugang liman | ana ing gulu ngayune | sarênga ulun ngamuk | pêjah gêsang sarênga gusti | madhêp marang palana | angkuse dèn singkur | andulu ing gustinira | Senapati ajajar dènira linggih | lan Pangeran Banawa ||
051.025 Adipati Banawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | ulun ingutus wiyose | kangjêng rama sang prabu | jêngandika kapirsa nêgih[4] | ing rama jêngandika | yèn karsa amusuh | angrabasèng kutha Pajang | inggih yêktos punapa batên sayêkti | ulun nêdha jinarwan ||
051.026 Senapati wuwusira aris | măngsa barong kang matur mring sultan | ratu pan têrus tingale | têrkane manah ulun | datan samar sri narapati | saparipolah iwang | bêrkate sang prabu | kagungan dalêm Mêtaram | datan narka yèn ulun ingkang barbeni[5] | mapan kagungan sultan ||
051.027 ulun angaturakên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mêtaram | jêngandika pan gustine | yèn suwawi ing kayun | tumanduka dhatêng Mêtawis | mapan nêgaranira | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | tampu arak waragang ||
051.028 Adipati Banawa sigra ngling | pra tumênggung ing măncanagara | nyata linyok ing wartane | bakite [[f. 188v]] ingkang matur | marang rama sultan ing nguni | yaktine iki ora | ujare amusuh | ingsun piyandêl si kakang | ing bêcike sakèhe wadya Mêtawis | dadi tinaha warta ||
051.029 Adipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mêtaram | tumanduk ing jro purane | sang dipati alungguh | pinarêk ing wadya Matawis | adhèr[6] wadya ing Pajang | ing ngarsa ing ngarsa supênuh |[7] amudhut[8] êbrêm waragang | Senapati agupuh dènira nglarihi |[9] galaganjur tinêmbang ||
051.030 adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | ulun midhangêt wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mêtaram | yèn alêkas kasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya ||
200–201 dari 650

 


Kurang satu suku kata: nitiha èsthi dèn age. Bandingkan: anungganga èsthi age (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.20.3). (kembali)
abêcik (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.20.5). Bandingkan: tan bêcik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.20.5). (kembali)
pêthêti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.21.5). (kembali)
nênggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.24.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.1.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.24.5; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.30.5). (kembali)
darbèni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.31.9). Bandingkan: andarbèni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.25.9). (kembali)
andhèr (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.6; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.34.6). (kembali)
Lebih tiga suku kata: ing ngarsa supênuh. Bandingkan: amrêgil supênuh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.7). (kembali)
amundhut (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.8; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.34.8). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Senapati agêpah dènnya anglarih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.9); Senapati agêpah dènnya alarih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.34.9); ya ta nuli agêpah dènnya anglarih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.9). (kembali)