Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51 dari 149
201–202 dari 650
2.008–2.017 dari 6.494
| 051.036 | Senapati angandika aris | mendahane kang abdi Mataram | mulata wong bêksa tamèng | ingkang wagêd pinujul | ngalahakên pitung nagari | mendahe dening enggar | arêmên andulu | satuwuhe dèrèng mulat | wong dikjaya amirsa lagi ing mangkin | dening jênênge mudha || |
| 051.037 | adipati ing Tuban sigra ngling | wong ingsun Tuban sira bêksaa | tandange wong bêksa tamèng | mupung padha awuru [[f. 189v]: a...wuru] | gêlarira dipun angênti | nulya wadya tumadang[1] | ambêbêksan sampun | tawok tamèng pan cinandhak | ngumbulakên alêpas marang wiyati | pan tinadhahan dhadha || |
| 051.038 | ciptanira Adipati Tubin | nora pisan yèn ngrasa kasoran | wong Tuban kadikjayane | milane ragi gêndhung | măngsa ana nagri Mêtawis | kang kaya wong ing Tuban | dipati têkabur | lali Kang Murba Ing Jagat | adipati ing Tuban kasiku batin | wêkasane kasoran || |
| 051.039 | tan rumasa Adipati Tubin | yèn ing mangke badhe katiwasan | katungkul gêndhungan bae | nora angon pakewuh | pêksanira ngungkul-ungkuli | marang sapadha-padha | batine angêkul | nyata yèn padha tumitah | nora wênang yèn kita angrasa luwih | kasiku ing Pangeran || |
| 051.040 | ramya ingkang lagya risêdhênging | abêbêksan gamêlan gurnita | awor lan surak wadyane | lir ombak sêkgara[2] gung | Radèn Răngga sutane rèki | Senapati Ngalaga | anênggih kang sêpuh | anjawil dhatêng kang rama | nulya kagèt Senapati ing Mêtawis | sinêntak ingkang putra || |
| 051.041 | adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | punapa dadi dukane | ulun mirsa asêru | kapirare dening nêmêni | punapa purwanira | dukane kalangkung | Senapati aturira | pêcêl alit pun Răngga pêksa gumakit | sura tumut babêksan || |
| 051.042 | angladèni [[f. 190r]: ang...ladèni] bêksane wong Tubin | kumawawa kaya wong bisaa | lumanang[3] paksa êngêne | dening wong mudha pugung[4] | cumanthaka paksa kumawi | dadi gawe paguyyan | maring kang wis luwung | botên layak tiningalan | tandangipun yèn pêcêl sampeyan alit | mudhati mudha dama || |
| 051.043 | adipati ing Tuban sigra ngling | anak isun Ki Răngga lah aja | bêksane wong Tuban tamèng | bêksane pan wus gambuh | nora layak dera ladèni | masih balilu sira | gurua karuwun | lêhêng totonên kewala | pan tirunên bêksane wong Tuban luwih | Mêtaram noronana || |
| 051.044 | adipati ing Tuban ningali | maring Radèn Răngga ing Mêtaram | tansah dèn jawil ramane | pisan pindho ping têlu | pan dinukan ing ramanèki | Radèn Răngga amêksa | padha sira dulu | rewangira lêligihan | Senapati Ingalaga ngrasa isin | pinothah ingkang putra || |
| 051.045 | adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | bok tinurutan karsane | awêlas sun andulu | putranira kita umbangi | lah iya abêksaa | padha sêsinau | hèh wong Tuban sutaniwang | Radèn Răngga aja sira katêmêni | rewangi bêksa kêmbang || |
201–202 dari 650
| 1 | tumandang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.13.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.36.6; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.42.6). (kembali) |
| 2 | sêgara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.43.4). Bandingkan: sagara (Proeve eener Javaansche Spraakkunst, Bruckner, Pupuh 29.14.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.37.4). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: lumancang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.16.3). (kembali) |
| 4 | punggung. (kembali) |