Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 149
198–199 dari 650
1.975–1.984 dari 6.494
051.003 aja sira kaya bumi langit | myang sagara kalawan prawata | bumi iku wahanane | yèn jalmaa amuwus | ngandêlakên jêmbaring bumi | kalawan kandêlira | nanging mung puniku | tan kêna ginawe rewang | kadya gunung mung gêdhene lawan inggil | tan darbe pangusatan[1] ||
051.004 lawan aja kaki kaya langit | ngandêlakên jêmbar lawan wiyat | mung puniku kasêktène | miwah sagara agu[2] | ngandêlakên jêmbar ngidêri | lawan ajro tan jajag | gurnita kang alun | gêdhene pidha[3] parwata | pan gumuruh syarane kang jalanidi | mung puniku dayanya ||
051.005 yèn sira yun tulus dadi aji | anganggea sokur lawan rêna | ênêb kalawan êninge | pasthi yèn dadi ratu | ing Mataram dènira linggih | myang para Ratu Jawa | kabèh padha nungkul | aseba marang Mataram | sabên warsa anrahakên balupêti[4] | marang rajèng Mataram ||
051.006 lah ta payo mulih mring Matawis | ingsun arsa mampir wismanira | anulya lumampah age | Susunan Adilangu | akalihan lan Senapati | lampahira lir kilat | sakêdhap pan rawuh | susunan adi ngandika | wismanira pagêr jawi nora kardi | kêbo sapi ingumbar ||
051.007 atanapi wisma pagêr jawi | nora pagêr sari asêsangkrah | dadi sisip ing pasrahe | karana [[f. 186v]: ka...rana] lah pan dudu | angkuhira anèng Matawis | dadi ing riyanira | kibir lawan ujub | kêbo sapi tanpa kandhang | wahanane măngsa ana ingkang wani | durjana lawan dhustha ||
051.008 angagea ênêb lawan êning | lêlakone sokur lawan rêna | awisma lawan pagêre | kêbo sapi yèn ucul | kêluhane kang dèn cêkêli | yèn mulih maring wisma | kandhangna dèn kukuh | saloroke pithokan |[5] turonana lawange lawan ing wêngi | nuli sira pasraha ||
051.009 anganggea panduman pamilih | dipun patut kalawan agama | kalawan ing drigamane | satiyar dipun agung | anganggea sumandhèng Widi | sakalir polahira | angagea sokur | karane dèn aprayetna | laku ligih solah mona lawan muni | minăngka panêngêran ||
051.010 sira anganggea pagêr bumi | lah tagên wongira Mataram |[6] sabên-sabên katigane | nyithaka bata agung | sabên warsa têka sathithik | sapakolèh wong dhomas | anganggea sokur | ingarah dadi bacingah | pirabara lumaku aja lan kibir | batanên sabên dina ||
051.011 nulya nyadhak mandêm cinangking |[7] isi toya susunan lumampah | akarya watês dalême | toya mandêlêm mancur | ingidêran sarwi adhikir | ingubêngan[8] sadaya | dene kang sinuhun | turutên iku ing bejang | bêbataa wong dhomas cacah Mêntawis | dadi bata lan karsa ||
051.012 ênêngêna nagari Mêtawis | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | miyos sangking kadhatone | siniwi lêmahdhuwur | ing dhêdhampar kancana adi | abra ujyalanira | alêlèmèk [[f. 187r]: a...lêlèmèk] babut | wanodya nyêkêl badhama | angapit ing sang nata kalawan badhil[9] | sajata[10] kèri kanan ||
198–199 dari 650

 


pangulatan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.4.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.4.10); paulatan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.11.10). (kembali)
agung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.5.4; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.12.4). (kembali)
pindha (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.5.8; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.12.8). (kembali)
bulupêti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.13.9). Bandingkan: bulubêkti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.6.9); bulupêkti (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.6.9). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: saloroke pinêthokan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.9.8). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah atêgên wongira Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.11.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: nulya nyandhak mandêlêm cinangking (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.12.1); nulya nyandhak mandhêlêm cinangking (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.12.1). (kembali)
Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
bêdhil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.13.9). (kembali)
10 sanjata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.13.10). (kembali)