Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 149
202–203 dari 650
2.012–2.021 dari 6.494
051.040 ramya ingkang lagya risêdhênging | abêbêksan gamêlan gurnita | awor lan surak wadyane | lir ombak sêkgara[1] gung | Radèn Răngga sutane rèki | Senapati Ngalaga | anênggih kang sêpuh | anjawil dhatêng kang rama | nulya kagèt Senapati ing Mêtawis | sinêntak ingkang putra ||
051.041 adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | punapa dadi dukane | ulun mirsa asêru | kapirare dening nêmêni | punapa purwanira | dukane kalangkung | Senapati aturira | pêcêl alit pun Răngga pêksa gumakit | sura tumut babêksan ||
051.042 angladèni [[f. 190r]: ang...ladèni] bêksane wong Tubin | kumawawa kaya wong bisaa | lumanang[2] paksa êngêne | dening wong mudha pugung[3] | cumanthaka paksa kumawi | dadi gawe paguyyan | maring kang wis luwung | botên layak tiningalan | tandangipun yèn pêcêl sampeyan alit | mudhati mudha dama ||
051.043 adipati ing Tuban sigra ngling | anak isun Ki Răngga lah aja | bêksane wong Tuban tamèng | bêksane pan wus gambuh | nora layak dera ladèni | masih balilu sira | gurua karuwun | lêhêng totonên kewala | pan tirunên bêksane wong Tuban luwih | Mêtaram noronana ||
051.044 adipati ing Tuban ningali | maring Radèn Răngga ing Mêtaram | tansah dèn jawil ramane | pisan pindho ping têlu | pan dinukan ing ramanèki | Radèn Răngga amêksa | padha sira dulu | rewangira lêligihan | Senapati Ingalaga ngrasa isin | pinothah ingkang putra ||
051.045 adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | bok tinurutan karsane | awêlas sun andulu | putranira kita umbangi | lah iya abêksaa | padha sêsinau | hèh wong Tuban sutaniwang | Radèn Răngga aja sira katêmêni | rewangi bêksa kêmbang ||
051.046 hèh wong Tuban poma sira iki | ladenana Radèn Răngga bêksa [[f. 190v]: bêk...sa] | malah wurukên tandange | isun tugêl gulumu | nêmênana ing suta mami | lah wurukên kewala | iku anak isun | darapon tutuga suka | bêbêksane wayahe wong anom pêkik | kudu bara penginan ||
051.047 Senapati Ngalaga sigra ngling | sutèng ulun Răngga lah miyanga | pangandikaning gustine | tamèng tawok pinundhut | pa[4] gatong[5] pat kang tamèng siji | waja ingkang kinarya | gawok kang andulu | gatong kalih tawokira | sarêng mimba kagyat Adipati Tubin | satuwuk dèrèng mulat ||
051.048 tan kumêdhèp dènira ningali | pan malongo tan kêna ngatika[6] | angucap ing jro nalane | nora layak puniku | gêgamane jalma puniki | tan ana tanah Jawa | wong kadya puniku | anulya sira tumandang | Radèn Răngga tamèng tawok dèn gêgêmi | ngumbulakên mring wiyat ||
051.049 tawokira mibêr kadya pêksi | alap-alap katonnya ing tawang | tumurun sangêt udhune | pan tinadhahan pupu | pan tinundha ing dhadha malih | murub kang tamèng waja | sênjata pan lêbur | mantri Pajang padha cingak | adipati ing Tuban wirang kapati | angrasa yèn kasoran ||
202–203 dari 650

 


sêgara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.43.4). Bandingkan: sagara (Proeve eener Javaansche Spraakkunst, Bruckner, Pupuh 29.14.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.37.4). (kembali)
Bandingkan: lumancang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.16.3). (kembali)
punggung. (kembali)
pan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.22.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.45.5). (kembali)
gotong (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.45.8). (kembali)
ngartika. (kembali)