Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 149
204 dari 650
2.031–2.040 dari 6.494
051.059 saisine nêgari Mêtawis | ing dharatan myang isine toya | sadaya kacaosake | datan mrăntra[1] ing sêmu | putra dalêm pun Senapati | tan mambu prasanakan | urmate kalangkung | yèn kala ulun anendra | para[2] rabi sumandhing kawula guling | datan taha ing manah ||
051.060 sinambungan aturira aris | Kyai Patih Amăncanagara | saèstu ing pambalike | ri sutanta pukulun | Senapati nèng Matawis |[3] sawêg apalikrama | anamur ing sêmu | kasap alus kawikanan | andhap asor kang kinarya aling-aling | èstu balik karsanya ||
051.061 aturira Dipati Tubin |[4] inggih yaktos balih[5] karsanira | pun kakang Senapatine | abdi dalêm pukulun | tiyang Tubin pêjah kêkalih | tinandhing sami bêksa | lawan sutanipun | Senapati Ingalaga | tuhu prawira digjayane angênti | kang aran Radèn Răngga ||
051.062 Pangeran Bênawa sigra angling | Adipati Tuban jêngandika | saèstu kang salah gawe | aganggu macan turu | wong Mêtaram kita gêndhungi | gène wong sagêd bêbsa[6] | samya dibya luhung [[f. 192v]] | wêkasan kita kasoran | anauri Sang Adipati Tubin |[7] yayi para mèndêla ||
051.063 sigra matur Adipati Tubin | pun kakang Senapati Nglaga |[8] pinapaga ing jurite | dêdamêl Pajang sèwu | sinarênga mara kang jurit | pasthi botên anăngga | digjaya atêguh | Senapati pan satunggal | digjayane luwih saking sanêgari | tanpa sisih rat Jawa ||
051.064 Sultan Pajang sandeya kang galih | amiyarsa ature punggawa | myang tênaya lan mantune | dening salaya atur | nora nunggal dadi sawiji | Sultan Pajang ngandika | marang ki tumênggung | sira mantriningsun lawas | wus atuwa moal tan matur sayakti | marang ing jênêng ingwang ||
051.065 Adipati Bênawa puniki | mapan wode ing ati manira | putra lanang sajugane | saature sun gugu | kang sun gadhang gumanti aji | măngsa amrih ngrusaka | panjênêngan ingsun | kyana patih atur sêmbah | pan sumăngga ing karsa paduka ji |[9] sang prabu angandika ||
051.066 ingsun tutur Senapati uni | kala bocah misih manakawan | ing raina ingsun sare | Senapati atunggu | anèng dagan ingsun aguling | ana karsaning Sukma | ula prapta agung | arsa narajang maringwang | Senapati atangginas anyakêli[10] | kang sarpa kapisanan ||
051.067 wus mêngkana ingsun acangkrami | maring wana ing rame sêmana | anggêrit sangsam lan banthèng | Ki Senapati [[f. 193r]: Senapa...ti] mèlu | ngiring-iring ana ing wuri | mantri padha kapisah | lawan jênêng ingsun | padha ngrêbut giring sangsam | lawan banthèng amung ingsun ingkang kari | kalawan garwaningwang ||
051.068 tan antara ana banthèng kanin | nuli ngamuk datan ana mapag | narajang panggêritane | Senapati anêmpuh | sungunira pan siji sisih | cinêkêl aning tangan | pokah ponang sungu | banthèng mati kapisanan | duk sêmana digjayane Senapati | risêdhêng lagi bocah ||
204 dari 650

 


măntra. (kembali)
Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
Kurang satu suku kata: Senapati anèng Matawis. (kembali)
Kurang satu suku kata: aturira Adipati Tubin. (kembali)
bilih. (kembali)
bêksa. (kembali)
Kurang satu suku kata: anauri sang adipati ing Tubin. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: kakang Senapati Ingalaga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.57.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.35.2). (kembali)
Kurang satu suku kata: pan sumăngga ing karsa paduka aji. (kembali)
10 anyêkêli (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.38.9). (kembali)