Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51 dari 149
205 dari 650
2.041–2.050 dari 6.494
| 051.069 | mêngko iki saya wuwuh sêkti | pan wus tuwa waspadèng wêweka | widyagdèng ing sasmitane | amikanakên èsmu | lawan ingsun wêruh ing wangsit | sakarsanira munthah | mapan ingsun ugung | sakèhe pawartanira | tan sun ngrungu anak ingsun Senapati | wis kaya gon ayoga || |
| 051.070 | tata tita nglingira ing nguni | kang kocapa Ki Tumênggung Mayang | kang garwa ika arine | Senapati puniku | pun Tumênggung Mayang bupati- | nira sultan ing Pajang | pan olèh babêndu | dosane kala sêmana | putranira anyarogoh ingkang putri | aran Radèn Pabelan || |
| 051.071 | sasampuning mati ing jro puri | kangjêng sultan amiyarsa warta | pênggawe saking ramane | sasampunira katur | kangjêng sultan graitèng galih | dhatêng Tumênggung Mayang | langkung dukanipun | arsa winade mring sabrang | wadya Pajang cacah sèwu ingkang [[f. 193v]] ngiring | mangkat maring Sêmarang || |
| 051.072 | Ki Tumênggung Mayang jaluk èstri | nulya atur sêrat mring Mataram | kang duta umêsat age | prapta nagri Mêtarum | lajêng saos ing dalêm puri | Senapati pinarak | risang duta matur | kalayan ingkang nawala | tinampanan ing Senapati Mêtawis | sinukmèng ing wardaya || |
| 051.073 | wiyosipun kakang Senapati | pan kawula dinukan jêng sultan | ing mangke kinesahake | winade sabrang ulun | kawan dasa mantri kang ngiring | sèwu dêdamêl ingkang | samarga angêpung | kawulane tulungana | abdèkêna sampun lyan marintah malih | anging paduka kakang || |
| 051.074 | layangira pan sinuwir-suwir | ingkang jaja upama têmbaga | abrit pratăndha kdune[1] |[2] ingkang lathi kumêdud | netyanira lir wora-wari | ujyalanira abang | sangêt sangêt ingkang bêndu |[3] kadya mêdal kang dahana | sru bramatya Senapati ing Mêtawis | kang sinêmbah Ingalaga |[4]| |
| 051.075 | pangandikanira èsmu runtik | hèh samitra mantri pamajêgan | ingsun jaluk ing gawene | majêgan patang puluh | pan rêbutên sadulur mami | ari Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sagon kapapag | nulya padha sinangonan ingkang mantri | pamajêgan sadaya || |
| 051.076 | jarijine kinêbakan singsim | pan sêsotya myang kêncana mulya | gêbyar- [[f. 194r]] gêbyar duk ingangge | sêsotya mawi kuwung | măncawarna lir lintang ngalih | asri yèn tiningalan | arêmên kang dulu | asih sakèhing wanodya | pratandhane rêtna widyadyèng pawèstri | tan rumasa yèn pêjah || |
| 051.077 | mantri[5] kawan dasa angabêkti | ganti samya angaras suku sang | mangkana ing sasmitane | baya mêngko anaur | ing[6] sakèhe danane gusti | tugêle jangganingwang | tumêngkèng[7] ing lampus | panaur ingsun pan kurang | maring gusti kiwuhan boga pangasih | Sukma kang muwuhana || |
| 051.078 | nulya mangkat prapta Gêdhu[8] aglis | Jatijajar wong Pajang kapapag | kala sêdhêng pamondhoke | nulya sira dèn amuk | mantri Pajang kathah kang mati | dening wong kawan dasa | wong Pajang kaburu | Tumênggung Mayang karêbat | mantri Pajang sisane mantri wus mulih | asaos kangjêng sultan || |
205 dari 650
| 1 | dukane (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.46.3). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: abrit tandhane dukane (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.46.3). (kembali) |
| 3 | Lebih dua suku kata: sangêt ingkang bêndu. Bandingkan: kotbuta dinulu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2946.7). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: kang sinêmbah Ngalaga. (kembali) |
| 5 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
| 6 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
| 7 | tumêkèng. Bandingkan: têkèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.49.7); praptèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.7.7). (kembali) |
| 8 | Kêdhu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.50.1). (kembali) |