Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 149
198–199 dari 650
1.980–1.989 dari 6.494
051.008 angagea ênêb lawan êning | lêlakone sokur lawan rêna | awisma lawan pagêre | kêbo sapi yèn ucul | kêluhane kang dèn cêkêli | yèn mulih maring wisma | kandhangna dèn kukuh | saloroke pithokan |[1] turonana lawange lawan ing wêngi | nuli sira pasraha ||
051.009 anganggea panduman pamilih | dipun patut kalawan agama | kalawan ing drigamane | satiyar dipun agung | anganggea sumandhèng Widi | sakalir polahira | angagea sokur | karane dèn aprayetna | laku ligih solah mona lawan muni | minăngka panêngêran ||
051.010 sira anganggea pagêr bumi | lah tagên wongira Mataram |[2] sabên-sabên katigane | nyithaka bata agung | sabên warsa têka sathithik | sapakolèh wong dhomas | anganggea sokur | ingarah dadi bacingah | pirabara lumaku aja lan kibir | batanên sabên dina ||
051.011 nulya nyadhak mandêm cinangking |[3] isi toya susunan lumampah | akarya watês dalême | toya mandêlêm mancur | ingidêran sarwi adhikir | ingubêngan[4] sadaya | dene kang sinuhun | turutên iku ing bejang | bêbataa wong dhomas cacah Mêntawis | dadi bata lan karsa ||
051.012 ênêngêna nagari Mêtawis | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | miyos sangking kadhatone | siniwi lêmahdhuwur | ing dhêdhampar kancana adi | abra ujyalanira | alêlèmèk [[f. 187r]: a...lêlèmèk] babut | wanodya nyêkêl badhama | angapit ing sang nata kalawan badhil[5] | sajata[6] kèri kanan ||
051.013 mantri Pajang pêpêk samya nangkil | samya matur kang wadya sadaya | kawula mirsa wartine | putra dalêm sang prabu | Senapati anèng Mêtawis | yêkti karsa balika | wong dhomas lumaku | anyithak arsa bêbata | karya kitha bacingah arah kinardi | anjrokakên lêlarènnya |[7]|
051.014 Kangjêng Sultan Pajang ngandika ris | sutèng ulun Dipati Bênawa | sira lumakua age | kalawan si tumênggung | Patih Măncanagara iki | lawan Dipati Tuban | barênga lumaku | sira maringa Mêtaram | ucapêna kakangira Senapati | têmên dèn marènana ||
051.015 lan maninge apa ora eling | yèn dhèwèke ngawula ing Pajang | takonana sayêktine | kang dadi purwanipun | apa nyata |[8] marang ing jênêng iwang | warahên kakangmu | Pangran Bênawa tur sêmbah | lan kang raka tanapi rêkyana patih | lèngsèr sangking ngayunan ||
051.016 wontên mantri ing Pajang satugil | amiyarsa karsane sang nata | nulya aputusan age | pun Pangalasan sèwu | tugil guru lan Senapati | mring Sunan Kalijaga | iku purwanipun | utusane wus lumampah | sêsandêran sipêng sadalu ing margi | ejing prapta Mêtaram ||
051.017 wus cumudhuk[9] ing ngarsa ngabêkti | sarta ngaturakên kang pitukas | rayi paduka sêmbahe | tur uninga pukulun | ditên[10] bejing duta kang prapti | pangeran ing Banawa | lawan ki tumênggung | kang aran Măncanagara | lawan mantu anênggih Dipati Tubin | tri padha wilotama ||
198–199 dari 650

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: saloroke pinêthokan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.9.8). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah atêgên wongira Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.11.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: nulya nyandhak mandêlêm cinangking (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.12.1); nulya nyandhak mandhêlêm cinangking (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.12.1). (kembali)
Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
bêdhil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.13.9). (kembali)
sanjata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.13.10). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: anjrokkên lêlarenya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.14.10). (kembali)
Kurang lima suku kata, dan biasanya guru lagu i: apa nyata kakangmu balik. (kembali)
cumundhuk (dan di tempat lain). (kembali)
10 dintên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.17.5). (kembali)