Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
52 dari 149
221–222 dari 650
2.203–2.212 dari 6.494
052.025 kawarnaa pangeran ing Surabaya | enjing sira tinangkil | pêpêk kang punggawa | miwah kang para putra | putusan Madiun prapti | marang ngayunan | mangnêmbah[1] atur tulis ||
052.026 wus tinampan kang sêrat dening pangeran | sinukmèng ing jru ngati | tanduke nawala | saèsthi wus kadhadha | pangeran ing Surawèsthi | aris ngandika | aja sumêlang galih ||
052.027 Panêmbahan Madiun Panagara[2] |[3] yèn rêmbug lawan mami | aja na wong cidra | sawetan Gunung Layya | Pangalasan kawan latri | nèng Surabaya | binoja siyang latri ||
052.028 ya ta sira Pangalasan wus ginanjar | sigra anulya pamit | Pangran Surabaya | prajangjine wus rêmbag | nagara bang wetan sami | ngukuhi kitha- | nira prasamya cawis ||
052.029 wadya Surabaya sampun asiyaga | jêjêl kang punang baris | Pangran Surabaya | datan arsa lumampah | anuduh kang para [[f. 210v]] mantri | mangkat sadaya | gumrah kang wadya alit ||
052.030 adipati bang wetan samya lumampah | patêmon ing Kadhiri | samya amakuwyan | sakilène bêngawan | ênêngêna kang kariyin | rajèng Mêtaram | risêdhênge tinangkil ||
052.031 kajinêman matur yèn nagri bang wetan | arsa bêdhah Mêtawis | ya ta Panêmbahan | anèng Taji sêmana | kang dèn anti samya prapti | nanging wong Pajang | angadhang anèng margi ||
052.032 wong Sêmarang Dêmak lawan Kalinyamat | Jêpara lawan Pathi | wus pêpêk sadaya | tumut wadya Mêtaram | patêmon ing Pajang sami | anulya bubar | kang sinêmbah Mêtawis ||
052.033 sangking Pajang têngara muni sauran | lir karêngèng ing langit | tan kawarnèng marga | wong Mêtaram wus prapta | amondhok kilèn Sêmanggi | samya atata | Kali Dhadhung sêdyèki ||
052.034 Adipati Măndaraka aturira | paran karsa Ki Bayi | botên arsa nabrang | sawetane walahar | angandika Senapati | sêdya manira | kandhêg anèng ing ngriki ||
221–222 dari 650

 


manêmbah. (kembali)
Panaraga. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: panêmbahan Madiyun lan Panaragan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.29.1). (kembali)