Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
52 dari 149
222–223 dari 650
2.213–2.222 dari 6.494
052.035 | wadya alit mangke sami tatemboka | Kali Dhadhung kang bêcik | nêngêna saksana | kocapa sikêp wetan | prapta Madiun baris |[1] kilène kitha | sawetane ing kali || |
052.036 | lêt bêngawan sikêp wetan lan Mêtaram | pondhoke dèn bêciki | pinarêk sêmana | kalayan ingkang paman | Senapati ngandika ris | wong Panaraga | Madiun kadipundi || |
052.037 | Adipati Măndaraka aturira | lah ta rêke Ki Bayi | Madiyun Panragan | rêmbagipun mangetan | wong Panaraga wus prapti | awor ing wetan | wadya pangawat kèri || |
052.038 | nanging sikêp Madiyun [[f. 211r]: Madi...yun] kang dèrèng prapta | tan uninga sêdyèki | ya ta angandika | Senapati Ngalaga | Adisara dipun aglis | lah marenea | Kèn Adisara prapti || |
052.039 | anèng ngarsa umatur saha wotsêmbah | pukulun wontên kardi | kang abdi ngandikan | rêke pun Adisara | Senapati ngandika ris | lah Adisara | sun pundhut karyanèki || |
052.040 | Adisara ature amêlasarsa | tan adarbèni urip | sumăngga ing karsa | ing dalu lawan siyang | Senapati ngandika ris | sira miyanga | Madiyun jru nagari || |
052.041 | surat ingsun aturêna Panêmbahan | Madiyun dipun aglis | sarta pêpaèsa | Adisara siyaga | abusana kang prayogi | pinasang-pasang | ngangge kang sarya adi || |
052.042 | yèn sinawang Nyai Gêdhe Adisara | warnanira lir putri | rajèng ing Mataram | aris dènnya ngandika | hèh Warung sira dèn aglis | sabaturira | konên acawis joli || |
052.043 | ingkang kinon sandika wus undhang-undhang | joli sampun cumawis | myang wong kalih dasa | kang badhe angiringa | Adisara lampahnèki | marang jru kutha | sang nata ngandika ris || |
052.044 | poma sira dèn yitna ingkang rumêksa | mring Adisara iki | manawa wong wetan | atakon maring sira | warahên kalamun mami | arsa nungkula | maring Madiyun nêngggih || |
222–223 dari 650
1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: prapta kilèning nagari | Madiyun ika (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.37.5–6). (kembali) |