Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
52–53 dari 149
223–224 dari 650
2.227–2.236 dari 6.494
052.049 asrah panungkul maring Jêng Panêmbahan | Madiyun Adipati | wong wetan amujar | kasompok wong Mataram | angrasa wêdi kapipit | mring sikêp wetan | Madiyun kang dèn kait ||
052.050 bakite wong Mêtaram duga kasoran | anungkul dèn lakoni | angrasa yèn kalah | maring wong agung wetan | pan alit nagri Matawis | mêngko ngatingal | akarya don akrami ||
53. Asmaradana
053.001 nagri Madiyun kawarni | abaris sajruning kitha | Adipati Madiyune | dawêgira sinewaka | pêpak ingkang punggawa | panêmbahan ing Madiyun | akarsa mangkat ing enjang ||
053.002 dipati bang wetan sami | pagunêman pamondhokan | pangeran ing Madiyune | kang dèn anti wêdalira | apa karane baya | ing Madiyun nora mêtu | apa na budi ing wuntat ||
053.003 sigêgên kang tata baris | Madiyun nênggih kocapa | sami agunêm dadine | dèrèng tutug apocapan | kalayan kang pugawa | kasaru Disara rawuh | malêbu tanpa larapan ||
053.004 Kèn Adisara ngabêkti | anungkêmi ingkang pada | sakèhe para mantrine | sami agawok tumingal | yèn ngucapa ing nala | wong ngêndi baya kang rawuh | anjujug nyungkêmi pada ||
053.005 panêmbahan ngandika ris | babo wong ing ngêndi sira | miwah sêntana atakon | iya ngêndi umahira | lan sapa aranira | lah matura ayya gugup | yèn duta sapa putusan ||
053.006 Kèn Adisara tan angling | mênêng awêkasan mujar | amlasarsa ing ature | inggih kawula utusan- | ipun putra paduka | pun Senapati pukulun | kawula ingkang pawongan ||
053.007 kawula ingutus gusti [[f. 212r]: gu...sti] | umarêk jêng panêmbahan | angaturakên surate | putra paduka Ngalaga | katur kang panjênêngan | pun Senapati pukulun | asru dènnya namur ampah ||
053.008 sang natèng Madiyun aglis | anampani kang nawala | panêmbahan ngandika lon | putraningsun Ki Mas Lonthang | wacanên ingkang surat | ya ta Mas Lonthang agupuh | nêmbah nampani nawala ||
223–224 dari 650