Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
52 dari 149
222–223 dari 650
2.218–2.227 dari 6.494
052.040 | Adisara ature amêlasarsa | tan adarbèni urip | sumăngga ing karsa | ing dalu lawan siyang | Senapati ngandika ris | sira miyanga | Madiyun jru nagari || |
052.041 | surat ingsun aturêna Panêmbahan | Madiyun dipun aglis | sarta pêpaèsa | Adisara siyaga | abusana kang prayogi | pinasang-pasang | ngangge kang sarya adi || |
052.042 | yèn sinawang Nyai Gêdhe Adisara | warnanira lir putri | rajèng ing Mataram | aris dènnya ngandika | hèh Warung sira dèn aglis | sabaturira | konên acawis joli || |
052.043 | ingkang kinon sandika wus undhang-undhang | joli sampun cumawis | myang wong kalih dasa | kang badhe angiringa | Adisara lampahnèki | marang jru kutha | sang nata ngandika ris || |
052.044 | poma sira dèn yitna ingkang rumêksa | mring Adisara iki | manawa wong wetan | atakon maring sira | warahên kalamun mami | arsa nungkula | maring Madiyun nêngggih || |
052.045 | Adisara wawêkas ingsun mring sira | manawa sira mangkin | ginanggu ginibang | dene kang paranakan | dyan panêmbahan pribadi | têka gêlêma | sok aja têkèng pati || |
052.046 | sarta upacara lêlancang ing ngarsa | samya asamir abrit | prasamya kêncana | asri yèn tiningalan | kêkacu mas sawunggaling | nulya lumampah | payung agung marapit || |
052.047 | Adipati Măndaraka aturira | ing karsa kadipundi | ulun jarwanana | Senapati ngandika | sun prih gingsire sadhidhik | gibanging manah | Madiyun Adipati [[f. 211v]: Adipa...ti] || |
052.048 | lampahira Nyai Gêdhe Adisara | malipir pigir baris | wong wetan atanya | joli punapa ika | wadya Mêtaram nauri | wêruhanira | nênggih rajèng Mêtawis || |
052.049 | asrah panungkul maring Jêng Panêmbahan | Madiyun Adipati | wong wetan amujar | kasompok wong Mataram | angrasa wêdi kapipit | mring sikêp wetan | Madiyun kang dèn kait || |
222–223 dari 650