Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
52 dari 149
219–220 dari 650
2.187–2.196 dari 6.494
052.009 ênêngêna ing Giri apagunêngman[1] | kocapa ing Matawis | sinêmbah Ngalaga | kalanira sineba | yuyunên dènira nganti | dangu ingucap | Pangalasan duk prapti ||
052.010 nulya matur Pangalasan awotsêkar | ngaturakên kang wêling | Panêmbahan Ngarga | yèn lêlinilan[2] kang karsa |[3] angandika Senapati | dhatêng kang paman | Dipati Măndarèki ||
052.011 duk kariyin kala rama ngiring sultan | asujut maring Giri | ing wulan Mukaram | sêdyèngsun lumaksana | marang bang wetan anênggih | wulan Mukaram | kala dhawuhing jangji ||
052.012 Senapati Ingalaga aputusan | umêsat kang tinuding | dhumatêng ing Dêmak | lan malih Kalinyamat | anulya [[f. 209v]] acawis sami | karsa tumindak | dhatêng nagri Matawis ||
052.013 wong ing Jagaraga prasamya sadhiya | wong Pajang datan kari | prasamya binêkta | marang nagari wetan | bala sêdaya acawis | sasikêpira | kawarnaa Matawis ||
052.014 ambarêngi kala ing wulan Mukaram | Ki Gêdhe Senapati | sampun asamêkta | budhal sabalanira | tan kawarnaa ing margi | kang kawuwusa | nagara Surawèsthi ||
052.015 kajinêman umatur ing gustinira | kalamun wong Mêtawis | arsa lumuruga | dhatêng nagri bang wetan | dipati ing Surawèsthi | wus aputusan | sakèh măncanagari ||
052.016 nagri Tuban Sidayu samya ngutusan | Lamongan datan kari | myang nagara wetan | Kartasana ing Malang | Pasuruan lan Kêdhiri | ing Wirasaba | ing Balintar[4] myang Wari[5] ||
052.017 lan ing Majapura miwah Pringgabaya | ing Lasêm lan Tumasik | Sumênêp Balega | Sarêngat lan Madura | sanega gamaning jurit | mring Surabaya | samya tata abaris ||
052.018 kawarnaa lampahe wadya Mêntaram | prapta jabaning Taji | angantosi bala | kocapa Sang Dipatya | Panaraga dèn aturi | mring Adipatya | Madiun rêmbak pikir ||
219–220 dari 650

 


apagunêman (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.9.1). (kembali)
linilan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.9.1). (kembali)
Lebih satu suku kata: yèn linilan kang karsa. Bandingkan: yèn linilan sakarsa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.11.4). (kembali)
Balitar (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.17.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 42.21.7). (kembali)
Rawi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.17.7). (kembali)