Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
53 dari 149
225–226 dari 650
2.244–2.253 dari 6.494
053.016 | Ăndhamai mangkat aglis | anyarani wadyabala | wis binubarakên kabèh | bala mantuk [[f. 214r][1]: ma...ntuk] sowang-sowang | datan sêdya-sinêdya | Adhamai[2] nulya matur | yèn baris bubar sadaya || |
053.017 | Adisara matur aris | kawula anuwun duka | bilih masih ing kêmbane | manahe pun Senapatya | dene karsa paduka | tan paring sêrat wêwangsul | kang kabêkta ing kawula || |
053.018 | yèn suwawi lawan gusti | ulun anuwun punika | kêkaloh[3] ing sampeyane | panêmbahan angandika | lah iya Adisara | nulya Dipati Madiyun | angumbah pada kalihnya || |
053.019 | Adisara anadhahi | marang ing bakor kancana | anulya tinămpa age | ginawe tăndha yèn nugal | panêmbahan ngandika | lah uwis nulia mantuk | matura ing anak iwang || |
053.020 | dèn pracaya Senapati | yèn ingsun nora asêdya | bala ing wetan gawene | ingsun tan milu-milua | matura anak ingwang | Kèn Adisara umatur | jrih ulun matur panduka || |
053.021 | bilih takèn Senapati | panduka yèn darbe putra | wanodya endah warnine | manawi ulun tinanya | panêmbahan ngandika | iya duwe ingsun sunuh | nanging tan arsa akrama || |
053.022 | diwasa sêdhêng birai | lamun tinari akrama | nora liyan ing ature | ing benjang kawula krama | yèn ana ingkang kocap | martuwa nêmbah ing mantu | mèngsêm Nikèn Adisara || |
053.023 | yèn mêngkatên kawula mit | panêmbahan angandika | Adisara wêkas ingong | yèn [[f. 214v]] sira tan tinakonan | ayya ge sira wêca | bok dede ing karsanipun | Kèn Adisara anêmbah || |
053.024 | nuwun pamit nulya mijil | samarga dadi totonan | Kèn Adisara wuwuse | hèh wong Madiyun dèn enak | atinira dèn yitna | Ni Adisara wus laju | Madiyun sampun kawuntat || |
053.025 | kang surya lagya tumingling | kondure sangking nagara | langkung arêngu manahe | dene tan binêktanan surat |[4] nulya kêkalohira | binuwang anèng dêlanggung | asangêt sakite manah || |
225–226 dari 650
1 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
2 | Ăndhamoi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 33.16.6)., (kembali) |
3 | kêkoloh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: dene tan binêktan surat. (kembali) |