Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
53–54 dari 149
229–230 dari 650
2.286–2.295 dari 6.494
053.058 | Dipati Madraka angling | lah Ki Jêbèng Senapatya | kudanira tingal ingong | kaya tan nêmahi pêjah | kuda anulya rêbah | Ki Senapati amuwus | dahwèn paman pakanira || |
053.059 | wruhanira paman iki | patine jaran manira | lagi lingsir kang sêrngenge | mangke ngarêpake asar | Măndaraka anabda | satêmêne ujar isun | aran pêjah uga pêjah || |
053.060 | Senapati sampun salin | kuda aran Bratayuda | punika asring ingage | Senapati angandika | dhatêng kang wadyabala | lah ta nagara Madiyun | padha sira bayongana || |
053.061 | pan iku uwiting kardi | yèn abăngga patènana | jarahên kêbo sapine | wadya Mêntaram tumandang | prasamya angêrayah | binoyongan rabinipun | ingkang băngga tinumbakan || |
053.062 | bala Madiyun ningali | polahira wong Mantaram | nora nyona ing atine | Mantaram anggawe cidra | dene sampun aeca | pêpadone gustinipun | ing mêngko têmahan rusak || |
053.063 | sakathahe kawula lit | sami angusi jro kutha | sigra tinututan age | maring wadya ing Mêntaram | kang kacandhak kèh pêjah | sawênèh [[f. 217v]: sawê...nèh] angusi gunung | wong Madiyun bilulungan || |
053.064 | Pangeran Madiyun nênggih | pan wus ngaturan uninga | yèn binayong wong ciline | ingkang băngga pinatenan | panêmbahan ajola[1] | asangêt gagêtunipun | linêbêtan madu wisa || |
54. Dhandhanggula | |
054.001 | panêmbahan angandika aris | datan nyana ingsun wong Mantaram | têka polahe mêngkene | wong Mêntaram puniku | jajuluke Wisamartèki | marta lair kewala | wisa atinipun | panêmbahan angandika | mring kang garwa miwah putra lawan sêlir | kabèh padha dadana || |
054.002 | panêmbahan putrane kêkalih | pambajênge èstri ayu endah | Rêtna Jumilah wêstane | Mas Lonthang ingkang jalu | karsanira sri narapati | putra èstri tinilar | anèng jro kadhatun | lah nini sira karia | apan sira kang rinêbat ing ajurit | dening Ki Senapatya || |
054.003 | wus pantêse wong bêdhah nagari | ambêbayong jarah rajabrana | yèn kalah kêna putrine | karia anak isun | atunggua sanjrone puri | wong dalêm kang sapindhah | tunggua sirèku | sang putri nangis alara | kang sinambat ingkang rama ibu rasi[2] | tan arsa kapanggiha || |
229–230 dari 650
1 | anjola (dan di tempat lain) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 17.49.5). (kembali) |
2 | sori. (kembali) |