Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
54 dari 149
231–232 dari 650
2.307–2.316 dari 6.494
054.015 | Rêtna Jumilah galihe alilih |[1] amiyarsa andikaning priya | Senapati pangrungrume | sariranira lêsu | bayunira anglêlalosi | asta cape sadaya | dhuwungira runtuh | Sang Senapati uninga | yèn sang putri owah tikahe kaèksi | dhuwung runtuh ing lêmah || |
054.016 | Senapati sigra amarêpêki |[2] pan cinandhak dhuwung kang laligan | sinarungakên wrangkane | ingangge de sang prabu | sa dyah ayu nulya sinandhing | pan sarwi angarêpa | maring sang dewa yu | dedea ingkang anăngga | pêpanggile kaya nora dadi takir | dhuwung kang dadi marga || |
054.017 | lan ing mêngko kêrisira gusti | sun arani iya Si Gupita | iku kang dadi margane | dika asih maringsun | sa dyah ayu datan nauri | mêksih acêngêng mulat | tyasira gêgêtun | sang putri maksih karasa | ing rusake nagara Madiyun nênggih | lolose ingkang rama || |
054.018 | Senapati malih ngasih-asih | pan adangu dènira rêrêpa | malah surub kang sêrngenge | gumanti kang sutèngsu | Senapati angasih-asih | mung gustine pun kakang | ingkang sawang dhadhu | ngandikaa mring kawula | bêndonana abdine pun Senapati | mung gusti kang sayogya || |
054.019 | têkêkana[3] runtikira gusti | dene [[f. 219v]: de...ne] rusake kang nagara |[4] wong bang wetan kang agawe | abdi Mantaram bingung | tan uninga ing ala bêcik | têka padha ngrêrayah | mangke katarucut | yogya gusti ngapuraa | sakathahe dosane tiyang Mêtawis | pan abdi jêngandika || |
054.020 | Rêtna Jumilah mèngsêm sarya angling |[5] kari siji pêpanggil kawula | Senapati ayya kagèt | ingsun panggil panyukur | ing sanjrone ing pulang rêsmi | yèn tan busik tan babak | tuhu gustiningsun | nulya sang ayu ingaras | Senapati tan darana aningali | pinadhong[6] ing jro tilam || |
054.021 | sa dyah ayu tumungkul agarit | pêpanggile panyukur kinarya | alandhêp waja ginawe | dèrèng prapta sadalu | kang panyukur angali-ali | pratăndha yèn tinêkan | sêdya putra ratu | sang putri Rêtna Jumilah | akalihan kang raka kalangkung asih | dene wus nunggal rasa || |
054.022 | prapta raina arsa tinangkil | miyos ing jawi pêpêkan sadaya |[7] para mantri sêntanane | myang para putra kumpul | adipati ing Mandarèki | kang munggèng ngarsanira | sang rajèng Mêntarum | miwah kang para dipatya | atanapi sira Sang Dipati Pathi | saya duwe prangasa || |
054.023 | aningali mring rajèng Mêntawis | pan asanès warnanira saban | lir pangantèn pasêmone | micarèng jroning kalbu | kayaparan kang Senapati | datan karsa kondura | lawan nèng Madiyun | iya dhèwèke akrama | kaya ingsun nora agawa pawèstri | ingsun pan nora bêtah || |
054.024 | nulya apamit Dipati Pathi | kakang êmas kawula punika | sampeyan [[f. 220r]: sampeya...n] aliming[8] mulèh | ing Pathi wontên musuh | uning sontên putusan prapti | angaturi uninga | yèn dhatêngan musuh | kawula kinèn mantuka | dadya mangke kawula anuwun pamit | mantuk dhatêng Santênan || |
231–232 dari 650
1 | Lebih satu suku kata: Rêtna Jumilah galihe lilih. Bandingkan: Rêtna Jumilah ing manah gigrik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.19.1). (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: Senapati sigra marêpêki. Bandingkan: Senapati nulya amarani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.20.1). (kembali) |
3 | têkakêna (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.23.1). (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: dene rusake ingkang nagara. Bandingkan: dening rusake nagarinira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.23.2). (kembali) |
5 | Lebih satu suku kata: Rêtna Jumilah mèngsêm sarya ngling. Bandingkan: Rêtna Jumilah sigrangling aris (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.24.1); sang rêtna yu mèsêm sarwi angling (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.24.1). (kembali) |
6 | pinondhong (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.24.10). (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: miyos ing jawi pêpêk sadaya. Bandingkan: praptèng ing jawi pêpak sadaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.26.2). (kembali) |
8 | alimi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.25.3). Bandingkan: lilani (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.29.3). (kembali) |