Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
54 dari 149
234 dari 650
2.331–2.340 dari 6.494
054.039 | sigra mangkat Kyai Senapati | arêspati gènnya nitih kuda | pun Camuris ing wêstane | cêmêng ing ulêsipun | pinangagèn warnane sami | panêmbahan rasukan | wulung dhasar wulung | paningsêt wulung sawêrna | nyamping wulung yèn tinon wis angêntèni | prajurit tanpa sama || |
054.040 | Adipati Madraka nèng wuri | anindhihi ingkang tatêngêran | muntab kang wadyabalane | Kanitèn kang winuwus | lampahira amêthuk aglis | Senapati Ngalaga | Kanitèn amuwus | lah iki sira wong apa | angadhangi maring ingsun anèng margi | êndi Ki Senapatya || |
054.041 | panêmbahan [[f. 221v]: panêmbah...an] anauri malih | anèng wuri anidhihi gêgaman |[1] Kiyai Senapatine | dene ta jênêng isun | ingkang abdi Ki Senapati | lêlurah wong anumbak | cêmêngan puniku | sagalongan kawan dasa | mapan ingsun kinon amapag ing jurit | anglawana ing sira || |
054.042 | Adipati Kanitèn sigra ngling | pan alêgak[2] sarwi latah-latah | ingsun eman sira pantèn | gènira mêsah ingsun | dudu arêp ngayon-ayoni | apan nora miyarsa | yèn ingsun pinunjul | dudu sira musuh ingwang | Senapati kang sun ajap siyang lastri | pantèn sira mireya || |
054.043 | panêmbahan angandika aris | nora gêlêm ingsun yèn mireya | manira nglampahi pakèn | ingsun amapag mungsuh | lamun isun durung ngêmasi | tan purun yèn mundura | Kanitèn lumaju | nanging maksa ingadhangan | Adipati Kanitèn sugal dènnya ngling | sira iki wong apa || |
054.044 | nora kêna ginawe abêcik | apa sira ingkang mêkasana | ing Mêntaram prajurite | Senapati amuwus | iku durung samono ugi | mapan ingsun kawula | pangrasaning kalbu | yèn ingsun lamun tiwasa | wong Mantaram tan ana kang mapag malih | wanine wêwanian || |
054.045 | Adipati Kanitèn sigra ngling | yèn mangkono kaya ujarira | sun ladèni sakarape | dèn prayitna sirèku | ing payudan aja na gingsir | lah mara têkakêna | karosanirèku | panêmbahan angandika | iya payo karsanira sun ladèni | aja na angucira || |
054.046 | wus kinêtab kodanira kalih | sampun campuh lawung salin gêbang | ginêbang sru pangukihe | surak bala gumuruh | asauran wadya Mêntawis | kalawan Pasêdhahan [[f. 222r]] | gamêlannya umyung | sampun agênti marjaya | kang ajurit tan ana angucap ajrih | sami digjayanira || |
054.047 | Adipati Kanitèn ngêlarihi |[3] pan tinumbak Senapati Ngalaga |[4] tan gumingsir ing kalihe | pinindho pining têlu | Senapati datan gumingsir | Kanitèn ngrasa sayah | têlas budènipun | adangu dènnya ayuda | salin tumbak kalihe sami prajurit | tan ana ingkang pasah || |
054.048 | suraking wadya gumuruh atri | asauran surak anèng wiyat | lir udan tibèng pajatèn | tandhane jin atulung | kadi ombaking jalanidi | Kanitèn arsa numbak | titihan sang prabu | ciptaning ingkang wardaya | sok tibaa mêngko sira sun larihi | kapal sigra tinumbak || |
234 dari 650
1 | Lebih satu suku kata: anèng wuri nindhihi gêgaman. (kembali) |
2 | anglênggak (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.25.2). Bandingkan: alênggak (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.44.2). (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Adipati Kanitèn larihi [nglarihi] (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.49.1). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: pan tinumbak Senapati Nglaga. Bandingkan: pan tinumbak Kyai Senapatya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.49.2); Panembahan Ngalaga tinumbak (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.52.2). (kembali) |