Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
54 dari 149
233–234 dari 650
2.325–2.334 dari 6.494
054.033 inggih sajêge kawula urip | dèrèng uninga rasaning sêga | mung amangan kunir bae | manawa tan kadyèngsun | Senapati pasthi kacangking | mastakane deningwang | pan kawula purun | pan sampun kawula sêdya | salawase Senapati ing Mêntawis | mangke badhe tinêkan ||
054.034 Adipati Pasuruan angling | yèn mêngkono ing wicaranira | ingsun pasrah ing dhèwèke | sakèhe wadyaningsun | Pasuruan para tindhihi | apa sakêrsanira | dene sun tan milu | Kanitèn sigra tur sêmbah | dèn pracaya andika anèng jro puri | têka eca-ecaa ||
054.035 Dipati Kanitèn sigra mijil | asuwara mring wong Pasuruan [[f. 221r]] | padha adadana kabèh | totonên pêrang isun | lawan Senapati Mêntawis | padha turuna surak | anèng wuriningsun | sampun samya asiyaga | sigra mangkat sigêgên ingkang lumaris | kocapa wong Mêntaram ||
054.036 panêmbahan sineba ing mantri | para sêntona pêpêk sadaya | kang paman mugèng ngarsane | ngandika sang aprabu | paman Madaraka ing mangkin | lan sakèhing sêntona | aja na kang milu | samia nata gêgaman | baris agung têngêran manira iki | kita kang nindhihana ||
054.037 saèstu paman mêsah puniki | mapan awrat yèna kirang yitna | nora kêna lênthe-lênthe | pangrasane tyas ulun | yèn sisipa abêbayani | Dipati Madaraka | aris aturipun | paran sêdya jêngandika | sakathahe para santona lan mantri | dene botên binakta ||
054.038 panêmbahan angandika aris | inggih paman ing karsa manira | anamur mapag yudane | nanging wong patang puluh | ingkang kula bêkta rumiyin | angaku wong anumbak | cêmêng anèng ngayun | kulambi cêmêng sinandhang | poma paman sampun obah sangking ngriki | angantia manira ||
054.039 sigra mangkat Kyai Senapati | arêspati gènnya nitih kuda | pun Camuris ing wêstane | cêmêng ing ulêsipun | pinangagèn warnane sami | panêmbahan rasukan | wulung dhasar wulung | paningsêt wulung sawêrna | nyamping wulung yèn tinon wis angêntèni | prajurit tanpa sama ||
054.040 Adipati Madraka nèng wuri | anindhihi ingkang tatêngêran | muntab kang wadyabalane | Kanitèn kang winuwus | lampahira amêthuk aglis | Senapati Ngalaga | Kanitèn amuwus | lah iki sira wong apa | angadhangi maring ingsun anèng margi | êndi Ki Senapatya ||
054.041 panêmbahan [[f. 221v]: panêmbah...an] anauri malih | anèng wuri anidhihi gêgaman |[1] Kiyai Senapatine | dene ta jênêng isun | ingkang abdi Ki Senapati | lêlurah wong anumbak | cêmêngan puniku | sagalongan kawan dasa | mapan ingsun kinon amapag ing jurit | anglawana ing sira ||
054.042 Adipati Kanitèn sigra ngling | pan alêgak[2] sarwi latah-latah | ingsun eman sira pantèn | gènira mêsah ingsun | dudu arêp ngayon-ayoni | apan nora miyarsa | yèn ingsun pinunjul | dudu sira musuh ingwang | Senapati kang sun ajap siyang lastri | pantèn sira mireya ||
233–234 dari 650

 


Lebih satu suku kata: anèng wuri nindhihi gêgaman. (kembali)
anglênggak (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.25.2). Bandingkan: alênggak (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.44.2). (kembali)