Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
55 dari 149
238–239 dari 650
2.377–2.386 dari 6.494
055.019 | Ki Mas Bagus ingkang nama | Adipati Têpasana anênggih | Ki Mas Gawat wêstanipun | Dipati Pringgalaya | wontên dening putra kêkalih pan durung | alungguh kabupatènnya | dening maksih alir-alit || |
055.020 | akêkasih Mas Têmbaga | ingkang rayi Mas Kadhawung kang wangi | kêkalih pan maksih timur | dèrèng kalêlinggihan | ênêngêna kocapa ingkang lumaku | kang aran Ki Kartinaya | sampun prapta ing Mêntawis || |
055.021 | sampun katur ing sang nata | lamun wontên caraka ing Kadhiri | Senapati kang angutus | Kadhiri Senapatya | ingandikan sampun prapta kang ingutus | ing ngarsanira sang nata | Kêrtinaya awotsaris[1] || |
055.022 | panêmbahan angandika | sapa jênêngira utusan prapti | lan kinèn apa sirèku | dening Ki Senapatya | dyan Ki Nayakêrti anêmbah umatur | pukulun wêsta kawula | abdi dalêm Nayakêrti || |
055.023 | lampah kawula punika | dipun utus abdi panduka gusti | pun Senapati pukulun | anyaosakên surat | kaatura ing panduka kang sinuwun | kang surat nulya tinampan | winaos sinukmèng galih || |
055.024 | kunêng babukaning surat | pan kawula angaturakên bêkti | ing jêng panduka sang prabu | sinêmbah ing Mêntaram | ingkang sampun antuk nugraha Yang Agung | kalayan ingkang sapangat | jêng nabi duta linuwih || |
055.025 | pinanjangna kang yusya |[2] tinêtêpna iman dening [[f. 225v]: de...ning] Yang Widi | sasampuning sêmbah katur | panêmbahan ngandika | sun tarima prasêcanira nak isun | yèn tuhu angaku bapa | anakku Ki Senapati || |
055.026 | ing mêngko sira muliha | anak isun layange sun angsuli | sigra pinaringkên sampun | lèngsèr sangking ngajêngan | lampahira ing marga datan winuwus | ing Kadhiri sampun prapta | sêrat katur Senapati || |
055.027 | nulya winaos kang sêrat | babukaning salam donga puniki | nanging jêbèng jangjiningsun | besuk sasi Mukaram | ingsun papag sira ing gêgaman agung | ki jêbèng nuli mangkata | kalamun sira sayêkti || |
055.028 | punang babukaning surat | raosing tyas kawrat sanjroning tulis | Senapati nulya dhêku | kalangkung sukanira | pangrasane kadi wong sampun tatêmu | lawan kangjêng panêmbahan | kang sinêmbah ing Mêntawis || |
238–239 dari 650
1 | awotsari (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.19.7; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.23.7). (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: pinanjangêna kang yusya. (kembali) |