Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
55 dari 149
236–237 dari 650
2.359–2.368 dari 6.494
55. Pangkur | |
055.001 | nêngêna wadya Mêntaram | kang kocapa wong agung wetan nênggih | Ki Mas Lonthang ing Madiyun | anèng ing Surabaya | wus alami tumulya dèn ambil mantu | linigihakên ing Japan | nagari lintang ing asri || |
055.002 | Kadhiri ingkang winarna | Pangeran Mas punika kang ngligihi | tan alami nulya [[f. 224r]] surud | sira Pangeran Êmas | risampuning mangkana ingkang winuwus | Pangeran ing Surabaya | pan arsa anênanduri || |
055.003 | nagara kidul sadaya | tinanduran sangking ing Surawèsthi | Pangeran Surabayèku | kang nanduri sadaya | ing Kadhiri kang jumênêng ratu jalu | miwah nagara ing Japan | Ki Mas Lonthang kang alinggih || |
055.004 | nagara ing Wirasaba | Kyai Răngga Pramana kang nindhihi | ing Pasuruan puniku | pan sampun tinanêman | Senapati Kapulungan wêstanipun | kang anèng ing Pasuruan | kang kacarita ing nguni || |
055.005 | pan ajamah sami lanang | Senapati Kapulungan anênggih | sampun karta jamanipun | nagara ingkang wetan | ênêngêna kang sampun sami alungguh | datan ana kang sumêlang | eca manahe wadya lit || |
055.006 | wontên ingkang kawarnaa | kang kocapa Senapati ing Kadhiri |[1] anggunêm lan arinipun | kang aran Saradipa | kang satunggal kang aran Kenthol Jêjagu | arine ingkang pamêkas | Kartidaya kang wêwangi || |
055.007 | Senapati aris mujar | lah Ki Saradipa paran karsèki | nagri Mantaram puniku | yayi saya angrêbda | jaman iki amingêr mangulon iku | yèn sun rasa ingkang manah | jaman wetan iki atis || |
055.008 | sarta ujare wirayat | sun amirsa mangke saya kapanggih | yèn sira sêmbadèng kayun | yayi ing sêdyaningwang | yun ngawula mring rajèng ika Mantarum | sêdyaningsun atilara | marang nagara Kadhiri || |
055.009 | kalamun nora mangkana | nora wurung ingkang wadya Mêntawis | anglurug mangetan besuk | matur Ki Saradipa | inggih kakang anglêrês ing sêdyanipun | kawula datan lênggana | sakarsa dika lumiring [[f. 224v]: lu...miring] || |
055.010 | Senapati aris mujar | marenea sira Ki Nayakarti | sira prayoga sun utus | maringa ing Mêntaram | aturêna surat ulun ing sang prabu | Panêmbahan Ingalaga | lan aturêna ingkang bêkti |[2]| |
236–237 dari 650
1 | Lebih satu suku kata: kang kocapa Senapati Kadhiri. Bandingkan: ingkang wasta Senapati Kadhiri (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.6.2). (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: lan aturna ingkang bêkti. Bandingkan: poma dèn katur tumuli (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.10.7); dèn katur marang sang aji (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.10.7). (kembali) |