Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
55 dari 149
239–240 dari 650
2.382–2.391 dari 6.494
055.024 kunêng babukaning surat | pan kawula angaturakên bêkti | ing jêng panduka sang prabu | sinêmbah ing Mêntaram | ingkang sampun antuk nugraha Yang Agung | kalayan ingkang sapangat | jêng nabi duta linuwih ||
055.025 pinanjangna kang yusya |[1] tinêtêpna iman dening [[f. 225v]: de...ning] Yang Widi | sasampuning sêmbah katur | panêmbahan ngandika | sun tarima prasêcanira nak isun | yèn tuhu angaku bapa | anakku Ki Senapati ||
055.026 ing mêngko sira muliha | anak isun layange sun angsuli | sigra pinaringkên sampun | lèngsèr sangking ngajêngan | lampahira ing marga datan winuwus | ing Kadhiri sampun prapta | sêrat katur Senapati ||
055.027 nulya winaos kang sêrat | babukaning salam donga puniki | nanging jêbèng jangjiningsun | besuk sasi Mukaram | ingsun papag sira ing gêgaman agung | ki jêbèng nuli mangkata | kalamun sira sayêkti ||
055.028 punang babukaning surat | raosing tyas kawrat sanjroning tulis | Senapati nulya dhêku | kalangkung sukanira | pangrasane kadi wong sampun tatêmu | lawan kangjêng panêmbahan | kang sinêmbah ing Mêntawis ||
055.029 lamine datan winarna | kang kocapa nagari ing Mêntawis | wus prapta ubayanipun | ingkang sasi Mukaram | Panêmbahan Senapati arsa mêthuk | nanging putusan kewala | samana pêpêk kang baris ||
055.030 ingkang putra tinimbalan | panêmbahan angandika aris |[2] Wiramênggala sirèku | sun utus ngirid lampah | amapaga mring Senapati nak isun | Si Alap-alap milua | iku sun gawe sarati ||
055.031 lah Tumênggung Alap-alap | êmbanana mring anak isun iki | ing iya lan dudunipun | sira kang ngundurêna | lan sakèhe mantri pamajêgan iku | angiringa anak iwang | wong Kajoran ayya kari ||
055.032 lan wong Pajang Jagaraga | wong ing Dêmak padha milua ngiring | ing lakune anak isun | nanging wawêkas iwang | lamun èstu Senapati yèn [[f. 226r]: yè...n] anungkul | Si Tumênggung Alap-alap | mringa Rawadalêm aglis ||
055.033 yèn Rawadalêm wus kalah | bayongana kabèh aja na kari | kang timbalan sampun rampung | kang putra atur sêmbah | nulya lèngsèr sarêng bubar sangking ngayun | datan kawarna ing marga | prapta Madiyun abaris ||
239–240 dari 650

 


Kurang satu suku kata: pinanjangêna kang yusya. (kembali)
Kurang satu suku kata: panêmbahan andikanira aris. (kembali)