Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
55 dari 149
239–240 dari 650
2.386–2.395 dari 6.494
055.028 punang babukaning surat | raosing tyas kawrat sanjroning tulis | Senapati nulya dhêku | kalangkung sukanira | pangrasane kadi wong sampun tatêmu | lawan kangjêng panêmbahan | kang sinêmbah ing Mêntawis ||
055.029 lamine datan winarna | kang kocapa nagari ing Mêntawis | wus prapta ubayanipun | ingkang sasi Mukaram | Panêmbahan Senapati arsa mêthuk | nanging putusan kewala | samana pêpêk kang baris ||
055.030 ingkang putra tinimbalan | panêmbahan angandika aris |[1] Wiramênggala sirèku | sun utus ngirid lampah | amapaga mring Senapati nak isun | Si Alap-alap milua | iku sun gawe sarati ||
055.031 lah Tumênggung Alap-alap | êmbanana mring anak isun iki | ing iya lan dudunipun | sira kang ngundurêna | lan sakèhe mantri pamajêgan iku | angiringa anak iwang | wong Kajoran ayya kari ||
055.032 lan wong Pajang Jagaraga | wong ing Dêmak padha milua ngiring | ing lakune anak isun | nanging wawêkas iwang | lamun èstu Senapati yèn [[f. 226r]: yè...n] anungkul | Si Tumênggung Alap-alap | mringa Rawadalêm aglis ||
055.033 yèn Rawadalêm wus kalah | bayongana kabèh aja na kari | kang timbalan sampun rampung | kang putra atur sêmbah | nulya lèngsèr sarêng bubar sangking ngayun | datan kawarna ing marga | prapta Madiyun abaris ||
055.034 Ratu Jalu senewaka[2] | ingaturan yèn wong Mêntaram prapti | Ratu Jalu sigra ngutus | duta sampun umêsat | dhatêng Surabayanira sampun |[3] yèn wadya Mêntaram prapta | arsa gêcêk ing Kadhiri ||
055.035 miwah Japan Wirasaba | Pasuruan Malang prasamya cawis | sarta ing Lumajang iku | lawan ing Kartasana | kang kocapa wadya Mêntaram wus rawuh | amondhok ing Kartasana | lèr kilèn kutha Kadhiri ||
055.036 mujur mangidul barisnya | malah dhatêng kidul kilèn Kadhiri | ing Pakuncèn wêstanipun | prasamya angrêrayah | wong ing desa kathah ngusi kuthanipun | kêbo sapi pan kacandhak | wong desa kilèn angili ||
055.037 Ratu Jalu siniwaka | wus amêpêk gêgamanira baris | para mantrinya akumpul | pêpêk anèng paseban | nanging Senapati ingkang nora rawuh | pan sangadi kasakitan | pracaya marang kang rayi ||
239–240 dari 650

 


Kurang satu suku kata: panêmbahan andikanira aris. (kembali)
sinewaka (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.36.1). (kembali)
Kurang dua suku kata: dhatêng Surabaya wartanira sampun. Bandingkan: maring Surabaya dhumatêng sang prabu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.36.5); dhatêng Surabaya arsa angsung wêruh (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.44.5). (kembali)