Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
55 dari 149
239–240 dari 650
2.390–2.399 dari 6.494
| 055.032 | lan wong Pajang Jagaraga | wong ing Dêmak padha milua ngiring | ing lakune anak isun | nanging wawêkas iwang | lamun èstu Senapati yèn [[f. 226r]: yè...n] anungkul | Si Tumênggung Alap-alap | mringa Rawadalêm aglis || |
| 055.033 | yèn Rawadalêm wus kalah | bayongana kabèh aja na kari | kang timbalan sampun rampung | kang putra atur sêmbah | nulya lèngsèr sarêng bubar sangking ngayun | datan kawarna ing marga | prapta Madiyun abaris || |
| 055.034 | Ratu Jalu senewaka[1] | ingaturan yèn wong Mêntaram prapti | Ratu Jalu sigra ngutus | duta sampun umêsat | dhatêng Surabayanira sampun |[2] yèn wadya Mêntaram prapta | arsa gêcêk ing Kadhiri || |
| 055.035 | miwah Japan Wirasaba | Pasuruan Malang prasamya cawis | sarta ing Lumajang iku | lawan ing Kartasana | kang kocapa wadya Mêntaram wus rawuh | amondhok ing Kartasana | lèr kilèn kutha Kadhiri || |
| 055.036 | mujur mangidul barisnya | malah dhatêng kidul kilèn Kadhiri | ing Pakuncèn wêstanipun | prasamya angrêrayah | wong ing desa kathah ngusi kuthanipun | kêbo sapi pan kacandhak | wong desa kilèn angili || |
| 055.037 | Ratu Jalu siniwaka | wus amêpêk gêgamanira baris | para mantrinya akumpul | pêpêk anèng paseban | nanging Senapati ingkang nora rawuh | pan sangadi kasakitan | pracaya marang kang rayi || |
| 055.038 | kang awêsta Saradipa | sumaosa ing karsane nêrpati | Saradipa anèng ngayun- | ira sri naranata | pan ajajar sakathahe mantri agung | Ratu Jalu angandika | êndi ta kakange rèki || |
| 055.039 | Senapati nora seba | Saradipa tumulya awotsari | nênggih sangêt sakitipun | pun kakang Senapatya | pan kawula nyaosi karsa pukulun | ing pêjah gêsang kawula | sumăngga karsa nêrpati || |
| 055.040 | Ratu Jalu angandika | lamun [[f. 226v]: lamu...n] kaya mangkono turirèki | sira kang ngirida laku | papagên wong Mêntaram | sagêndhinge ayya kalah rêbut unggul | nanging sira dèn prayitna | angirida wong Kadhiri || |
| 055.041 | lamun sira angantia | ing bantune sakathahe nagari | Surabaya praptanipun | sayêktine alawas | atêmahan sira dhewe kang alêbur | lah uwis sira mangkata | Saradipa awossari[3] || |
239–240 dari 650
| 1 | sinewaka (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.36.1). (kembali) |
| 2 | Kurang dua suku kata: dhatêng Surabaya wartanira sampun. Bandingkan: maring Surabaya dhumatêng sang prabu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.36.5); dhatêng Surabaya arsa angsung wêruh (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.44.5). (kembali) |
| 3 | awotsari (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.51.7). (kembali) |