Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
55 dari 149
244–245 dari 650
2.433–2.442 dari 6.494
| 055.075 | sêliripun pan satunggal | kinèn mêthuk rabine Senapati | kang ngiring wong tigang atus | budhal sangking Mantaram | gajahira lumamah[1] ana ing ngayun | datan kawarna ing marga | sêmona sampun kapanggih || |
| 055.076 | rabine Ki Senapatya | pinisalin busana ingkang adi | Senapati mapan sampun | pinapag ing busana | Saradipa kalawan Kenthol Jêjagu | katiga Ki Kartinaya | pinisalin busana di || |
| 055.077 | datan kawarna ing marga | sampun prapta nagara ing Matawis | tumama ing alun-alun | Pangran Wiramênggala [[f. 229r]: Wiramêngga...la] | lajêng saos umarêk ing Sitiluhur | sarayate Senapatya | andhèr ing ngandhap waringin || |
| 055.078 | tan adangu ingandikan | sampun cundhuk mugèng ngarsa nrêpati | miwah kadange katêlu | muka konjêm pratala | kangjêng panêmbahan angandika arum | ngabaktia marang ingwang | anak ingsun Senapati || |
| 055.079 | ingkang kinon atur sêmbah | dhuwungira sinèlèhakên siti | lumampah sira anglangsur | angaras ing suku sang | sumungkêm ing padanira sang aprabu | sampun lèngsèr sangking ngarsa | panêmbahan ngandika ris || |
| 055.080 | lah êndi sadulurira | ingkang aran Si Sadipa ing nguni | lan kang aran Si Jêjagu | Senapati anêmbah | pan punika ingkang wontên wingkingipun | putra dalêm Radèn Arya | abdi dalêm kang kêkalih || |
| 055.081 | panêmbahan angandika | marenea padha sira ngabêkti | katiga asèlèh dhuwung | lumampah kêkesodan | sumungkêm ing pada mangusap ing lêbu | sarêng dènnya awotsêkar | lèngsèr sangking ngarsa aji || |
| 055.082 | ciptanira Senapatya | tan kawasa ingsun malêsa kang sih | sakalangkung awratipun | apa sun walêsêna | Saradipa Kartinaya Si Jêjagu | ciptanira pan mangkana | tan kawasa darbe urip || |
| 055.083 | Senapati atur sêmbah | panêmbahan jasat kawula gusti | kaatura ing pukulun | gêtih daging kawula | rambut sumsum kawula sêdaya katur | kalayan kang pêjah gêsang | katura ing paduka ji || |
| 055.084 | abdi dalêm kang têtiga | tan [[f. 229v]: ta...n] rumaos lamun adarbe urip | kawula tan darbe dulur | nanging sêtya kawula | anjalmaa ping sapta tan malih dulu | yèn mulata gusti liya | sampuna manggih basuki || |
244–245 dari 650
| 1 | lumampah. (kembali) |