Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
55 dari 149
237–238 dari 650
2.365–2.374 dari 6.494
055.007 | Senapati aris mujar | lah Ki Saradipa paran karsèki | nagri Mantaram puniku | yayi saya angrêbda | jaman iki amingêr mangulon iku | yèn sun rasa ingkang manah | jaman wetan iki atis || |
055.008 | sarta ujare wirayat | sun amirsa mangke saya kapanggih | yèn sira sêmbadèng kayun | yayi ing sêdyaningwang | yun ngawula mring rajèng ika Mantarum | sêdyaningsun atilara | marang nagara Kadhiri || |
055.009 | kalamun nora mangkana | nora wurung ingkang wadya Mêntawis | anglurug mangetan besuk | matur Ki Saradipa | inggih kakang anglêrês ing sêdyanipun | kawula datan lênggana | sakarsa dika lumiring [[f. 224v]: lu...miring] || |
055.010 | Senapati aris mujar | marenea sira Ki Nayakarti | sira prayoga sun utus | maringa ing Mêntaram | aturêna surat ulun ing sang prabu | Panêmbahan Ingalaga | lan aturêna ingkang bêkti |[1]| |
055.011 | Ki Kartinaya wotsêkar | anampani sêrat anulya amit | sigra lèngsèr sangking ngayun | ingiring wong sadasa | sampun prapta jawi kitha lampahipun | ênêngêna kang anèng marga |[2] kocapa rajèng Mêntawis || |
055.012 | dawêgira siniwaka | ingkang mantri punggawa sadaya nangkil |[3] miwah santana myang sunuh | kabèh prasamya seba | Adipati Măndaraka anèng ngayun | lan Pangeran Singasêkar | Pangeran Amangkubumi || |
055.013 | pinarêg ing pagêlaran | panêmbahan lênggah dhêdhampar adi | lêlèmèkira baludru | abrang ingkang ujyala | cahyanira lir kadya wulan awêlu | risêdhêng lagi purnama | kucêm sagung kang anangkil || |
055.014 | panêmbahan ing Mêntaram | ingkang putra sadaya kang winarni | pêpitu pan sami jalu | kang panêngah punika | kang patutan Rêtna Jumilah Madiyun | Radèn Mas Jolang kang nama | jumênêng pangran dipati || |
055.015 | ginadhang ingkang gumatya[4] | wus pinasthi ingkang amutêr bumi | putra èstri tan kawuwus | ingkang jalu kewala | wontên ingkang putra kalih maksih timur | punika ingkang atmaja | Panêmbahan Senapati || |
055.016 | nênggih putra ingkang tuwa | Radèn Răngga nênggih sampun ngêmasi | ika jangkêpe sapuluh | nanging ta sampun seda | para putra kawilang sanga kang jalu | karsanira ingkang rama | sami jinujung kang linggih || |
237–238 dari 650
1 | Lebih satu suku kata: lan aturna ingkang bêkti. Bandingkan: poma dèn katur tumuli (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.10.7); dèn katur marang sang aji (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.10.7). (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ênêngêna ta sêmana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.11.6). (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata. Terdapat koreksi "kang" menjadi "ingkang". Bandingkan: para mantrinira kabèh anangkil (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.12.2); para mantrinira samya anangkil (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.12.2). (kembali) |
4 | gumantya. (kembali) |