Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
56 dari 149
246–247 dari 650
2.454–2.463 dari 6.494
056.004 | adawa yèn kawarnaa | kitha bacingah wus dadi | duk sêmona binabadan [[f. 230v]: binabada...n] | anrus lunga margèng bumi |[1] sang nata sigra mijil | anitih dipăngga sampun | kêrsa ngidêri kitha | panêmbahan ngandika ris | Senapati payo anitih kalihan || |
056.005 | munggaha marang dipăngga | Senapati awotsari | anuwun duka sang nata | kawula anuwun ajrih | dados punapa gusti | pun Senapati pukulun | ajajar lan paduka | papa citrakang[2] pinanggih | pan kawula gusti adharat kewala || |
056.006 | panêmbahan angandika | apa nganti sun udhuni | Senapati awotsêkar | mukanya kongjêm ing siti | tumulya angunggahi | ăndha wus prapta ing luhur | alinggih ing palana | sumungkêm makêmpis-kêmpis | gajah siji kinalihan Senapatya || |
056.007 | Rajèng Mataram ngandika | Kae Jêbèng Senapati | ingsun angrungu wirayat | pucang tirisan Mêtawis | iya ujare benjing | wong wetan kang arsa gêpuk | tanêm tuwuh Mêntaram | Senapati atur bêkti | yèn èstua wirayat kadya punika || |
056.008 | pun Senapati awirang | andulua wong Mêtawis | yèn wadya wetan ngrusaka | tanêm tuwuh ing Mantawis | yèn ulun mêksih urip | Mêntaram kongsia lêbur | sakèhe wong bang wetan | kantosa uningèng ngriki | pan kawula merang aningali jalma || |
056.009 | ulun nêdha ing Yyang Sukma | kaping kalih kangjêng nabi | yèn wong wetan lumampaha | pan kawula apunagi | ngandika sri bupati | kamangkara anak ingsun | gaib parentahing Yyang | kaya ngapa gone gingsir | lan ature [[f. 231r]: a...ture] kajinêman nêmbe prapta || |
056.010 | sae bupati ing wetan | arsa adus ing Sumanggi | dene ingkang ngirid lampah | nênggih dipati ing Gêndhing | ing Pasuruan sami | Surabaya datan kantun | kang ginawe timbangan | nênggih Dipati Pasagi | lan Ki Răngga Lêlona Kadhiri ika || |
056.011 | Senapati atur sêmbah | umatur wêcona manis | anuwun Jêng Panêmbahan | wong agung wetan rumiyin | sadaya botên wani | dhatêng kawula rumuwun | sang prabu angandika | anak ingsun Senapati | mapan padha tinitahakên Yyang Sukma || |
056.012 | aja sira ujub riya | padha kawula Yyang Widi | tan kêna jalma ingina | rèhning wong padha aurip | narah karsaning Widi | anganggea rêna sukur | sabarang karêpira | aja dhinginakên kibir | Senapati tur sêmbah sarwi mangrêpa || |
056.013 | sampune ngidrêri kitha | kundur sang sri narapati | rawuh anèng pagêlaran | tumêdhak sangking ing èsthi | miwah Ki Senapati | tumurun nulya wotsantun | manêmbah ing suku sang | mukanya sumungkêm siti | kangjêng panêmbahan aris angandika || |
246–247 dari 650
1 | Tanggal: anrus lunga margèng bumi (S 1509). Tanggal Masehi: 1587–8. Lihat juga: nrus lunga margèng bumi (S 1509) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 21.4.5); nrus lunga marganing bumi (S 1509) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 36.3.4). Sangkala ini mengacu pada momen penting ketika Senapati Mataram secara resmi menerima perintah dan restu dari Panembahan Mataram untuk memimpin pasukan menghadapi ancaman dari wilayah timur. (kembali) |
2 | citraka. (kembali) |