Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
64 dari 149
282–283 dari 650
2.820–2.829 dari 6.494
064.034 wong ing Malang samya angêkêb ing kutha | nênggih kyai ngabèi | kang aran Tohjiwa | bupatine wong Malang | lalose ing têngah wêngi | atilar bala | mêtu lor inglangi[1] [[f. 260r]] |[2]|
064.035 mêdal ing Salumbung malayu angetan | maring Karênon aglis | nêngêna sêmana | ya ta wuwusên enjang | wong Mêtaram wus ngrampid |[3] kutha ing Malang | anulya dèn unggahi ||
064.036 wong Mêtaram sadaya manjing jro kitha | tan ana kang nadhahi | nêgara ing Malang | apan sampun binêdhah | gumuruh syaraning tangis | binayong mêdal | wismane dipun bêsmi ||
064.037 wus jinarah wong Mêtaram nulya bubar | sangking ing Malang nênggih | sakèhe boyongan | lumampah anèng ngarsa | gumêrah kang bala alit | ngidul angilyan | ing Lawor dèn margani ||
064.038 sampun mangkat gêgaman mondhok ing Kêndhat | enjing bubar kang baris | wadya ing Mêtaram | ngiringakên boyongan | anulya amondhok malih | ing Tambakbaya | sawetaning Kadhiri ||
064.039 ênêngêna wadyabala ing Mêtaram | kawarnaa ing mangkin | wong agung bang wetan | samya apagunêman | pan sêdya arsa nututi | mring wong Mêtaram | Pangeran Surawèsthi ||
064.040 wus putusan marang nêgara Madura | Lamongan lan Garêsik | Sidayu lan Tuban | Lasêm sampun lumampah | padhêkahan sampun prapti | nêgara Japan | pêpêk sakèh prajurit ||
064.041 ing Madura nênggih Arya Pulangjiwa | ingkang dados têtindhih | atêguh prakosa | apêkik warnanira | bang wetan tan ana tandhing | wani mungsuha | lawan wadya Mêtawis ||
064.042 Pasuruan Adipati Kapulungan | ingkang nindhihi baris | lan Jayalêlana | gêgaman Surabaya | nênggih Dipati Pêsagi | ingkang lumampah | anindhini prajurit ||
064.043 wadya Tuban Ki Apatih Jayasănta [[f. 260v]: Jayasă...nta] | ika ingkang nindhihi | Sidayu ki dêmang | aran Martagara |[4] Lamongan lawan Garêsik | bupatinira | ingkang nindhihi baris ||
282–283 dari 650

 


anglangi. (kembali)
Kurang satu suku kata: amêtu lor anglangi. Bandingkan: mêtu marganing warih (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.35.7); mangalor parannèki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.29.7). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: wong Mataram samya ngrampid (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.30.5). (kembali)
Kurang satu suku kata: aran Martanagara. Bandingkan: Ki Martanagara | Dipati Surabaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.68.3–4). (kembali)