Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
83 dari 149
350–351 dari 650
3.493–3.502 dari 6.494
083.020 angandika sang sri narapati | mantri gandhèk sira inggalêna | Radèn Mas Pêkik lakune | ingkang kinon wotsantun | tan adangu anulya prapti | sigra Ki Alap-alap | lampahira laju | ing alun-alun wus prapta | lajêng pepe anèng sakidul waringin | kurung prasamya gêlar ||
083.021 sarayate Radèn Êmas Pêkik | pan binakta apepe sadaya | sampun katur ing sang katong | sigra ngandikan sampun | wus tumamèng ngarsa nêrpati | Pangeran Surabaya | alênggah tumungkul | dhuwung sinèlèh ing lêmah | sakêlangkung pangeran dènira ajrih | ing kangjêng sri narendra ||
083.022 sarya mojar atur pati urip | mila kawula botên aseba | tan măntra ing gêgêntine | dadya salab mring ulun | dening warêg boga pangasih | mudhati mudha dama | tan măntra ing sêmu | yya paduka naranata | dibya sakti sineba de wong sabumi | anyakrawatining rat ||
083.023 lir katurunan lelatul kadri | sawêk dhatêng putusan narendra | dhawuhakên [[f. 316r]: dhawuha...kên] andikane | lir utusan piturun | mring kawula mujar sajati | apadhang tyas kawula | miyarsa pukulun | saandika sri narendra | tyas kawula kadya agea kapanggih | kalawan jêng sang nata ||
083.024 kangjêng sultan rêna jroning galih | amiyarsa atur Sang Dipatya | Surabaya dyan sumèlèh | sultan ngandika arum | adipati ing Surawèsthi | mila para sun undang | umarêk ing ulun | wus pinasthi de Yang Sukma | pantêmone[1] lir surya kalawan sasi | sêdhêng lagi purnama ||
083.025 wus raina sang yang surya mijil | sapandulon kalawan sasăngka | iya iku patêmone | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pasthi jagat suwung | manira upama surya | pakanira yayi Pêkik pama sasi | pêsthi timbangan ingwang ||
083.026 tanah Jawa miwah ing Matawis | pakanira yèn ora anaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu ingsun lan yayi | sira pama talaga | pancurane tèngsun | sira ingkang nadhahana | toya agung yèn tanna pancuran mijil | yêkti talaga asat ||
083.027 mapan ingsun rêtna ingkang adi | ari Surabaya lir êmbanan | yèn tan ana sêsotyane | êmbanan têmah suwung | dadya merang myang aningali | ujyalaning êmbanan | sirna tan kadulu | sêsotya tanpa êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | apti angêmbanana ||
083.028 Adipati Surabaya singgih | awismaa anèng ing Mataram | misiha kabupatène | nagaranira iku | sun paringkên ing sira malih | wadyanira sêdaya | maksiha kang lungguh | kang lungguh lante kandhaga | mantrinira maksiha kadi ing nguni | ingsun tan ngowahana ||
083.029 Surabaya lawan ing Matawis | dadya tunggal Pangran Pêkik ika | pan kapalih nagarane [[f. 316v]] | lami datan winuwus | adipati ing Surawèsthi | tinariman jêng sultan | kang rayi sang prabu | Ratu Pandhansari nama | wus kagraha dènira Pangeran Pêkik | kalangkung ing sihira ||
350–351 dari 650

 


patêmone (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.31.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 56.33.9; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 47.32.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.32.9). (kembali)