Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
83 dari 149
351–352 dari 650
3.508–3.517 dari 6.494
083.035 tanah Jawa ingsun kang babadi | wus arata para ratu kalah | dening wang marga jurite | karana Giri iku | tan sun rusak kadi sakèhing | tan sun kalahkên aprang | dudu layakipun | kinalahakên ing yuda | lakinira kang pasthi jayaning jurit | ngalahakên pandhita ||
083.036 sakathahe kang ana ing Jawi | pasthi kalah dening lakinira | wus kasoran lêluwure | Susunan Giri dangu | mapan guru marang sang yêkti | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | wus pinasthi Sang Pandhita | Giri Gajah dening yayi Êmas Pêkik | ngalahakên ing yuda ||
083.037 Ratu Pandhan nêmbah sigra mijil | sampun prapta ing Kasurabayan | kapanggih lawan kakunge | wuwusnya manis arum | mring kang raka Pangeran Pêkik | garjita ing wardaya | garwane glis [[f. 317r]: gli...s] rawuh | anarka yèn ana karya | sang dipati sampun uninga ing wangsit | kèndêl sêmu sasmita ||
083.038 cinarita Jêng Pangeran Pêkik | panggihira lawan Ratu Pandhan | wus pitung sasi lamine | dèrèng panggih salulut | yèn adarbe karsa Sang Pêkik | tinadhahan ing krama | tansah dèn bêbesuk | dipati ing Surabaya | maksih nganti sarêng sapraptaning puri | sanès lêlewanira ||
083.039 Pangran Pêkik sumrah ingkang galih | aningali kang garwa wiraga | pangucap myang tanagane | dhasar wong ayu tulus | Ratu Pandhan ngandika aris | sun angecani manah | anglancangi kakung | arum wijiling wacana | kakang êmas andika enggal mariki | wontên atur kawula ||
083.040 sarwi mèngsêm tur anggênjot alis | sarya ngawe astane kang kiwa | kang têngên jawil lêlangse | Pangeran Pêkik gugup | ingkang garwa dèn parêpêki | mangkya Sang Ratu Pandhan | kang raka anambut | tur sarwi ingaras-aras | èstri baud nuruti karsaning laki | panggih asmaragama ||
083.041 sasampunnya gèning pulang rêsmi | nulya wungu pangeran kalihan | wus siram lawan garwane | sang dipati alungguh | Ratu Pandhansari bêbisik | karsane raka dika | ing kangjêng sinuhun | sang dipati sigra mujar | ingsun sêngguh nora mêngkono mas yayi | karsane kangjêng sultan ||
083.042 adangu yèn ucapêna mangkin | duk Giri mungsuh ing Surabaya | kawalahên ing yudane | dene adarbe pamuk | putra Cina kang anèng Giri | Pangran Pêkik kesisan | prajurit wus kawus | dadya Kangjêng Ratu Pandhan | ngrasa merang milya angyasani jurit | marmane Giri bêdhah ||
083.043 binoyongan [[f. 317v]: bi...noyongan] dhatêng ing Mêtawis | sang pandhita sanak rabinira | miwah sarajakayane | pinaringakên sampun | tanah Giri ing Pangran Pêkik | miwah rajabarona | pan saisinipun | pinaringkên Ratu Pandhan | rajabrana ginanjarakên waradin | mring wadya Surabaya ||
083.044 miwah boyongan sangking ing Giri | ingkang patut laki sinung krama | kang katuju ing manahe | mantri Surabayèku | tinariman sampun waradin | dadya wong Surabaya | pamujine mangsud | linênggahan Ratu Pandhan | mapan sami panêdhane wadya alit | mring kang rayi sri nata ||
351–352 dari 650