Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
83 dari 149
348–349 dari 650
3.480–3.489 dari 6.494
083.007 duk bêdhahe nêgara ing Pathi | sinêngkalan sirnaning pêndhawa | tinata ratu babade |[1] samana sang aprabu | amariksa garwa kang rayi | purwaning lakinira | ing pambalikipun | katur yèn pun Endranata | angadoni kang botên akarya bêcik | sang nata langkung duka ||
083.008 duk sêmana kangjêng sri bupati | sigra miyos pan angêmu duka | kandhêk sitinggil sang natèng | pinêpêk sitiluhur | Martalulut dipun timbali | lan wong Singanagara | ngandika sang prabu | hèh wadya Singanagara | sudukana Si Endranata dèn aglis | ana ing pagêlaran ||
083.009 Endranata lamun wus ngêmasi | jaringane gawenên balabar | ana pasar sadawane | kang kinon sarêng mundur | Martalulut Singanêgari | sami lancang-linancang | mèh prapta gènipun | sarêng anarik curiga | Endranata sasampune dèn suduki | binêdhèl ususira ||
083.010 wadya Mataram sadaya ajrih | aningali dukane sang nata | ginawe blabar ususe | angandika sang prabu | mring Pangeran Purubayèki | uwa kadi punapa | andika sun tantun | pun paman ing Surabaya | ing wartane anênggih sampun ngêmasi | mung kari ingkang putra ||
083.011 jalu ingkang nama Radèn Pêkik | aris matur Pangeran Purbaya | prayogi ngandikan anggèr | kapanujon sang [[f. 315r]] prabu | Alap-alap sigra tinuding | kinèn animbalana | kang kinon wotsantun | lèngsèr sangking ing ngajêngan | sarta bêkta mantri Mataram lit-alit | prapta ing Surabaya ||
083.012 anèng dhukuh Jêng Pangeran Pêkik | Alap-alap wus prapta ing ngarsa | dhawuhakên andikane | ing kangjêng sang aprabu | jêngandika dèn andikani | marang nagri Mataram | sanak garwanipun | Ki Alap-alap utusan | animbali Tumênggung Sapanjang prapti | anulya kinèn dandan ||
083.013 umiringa mring Radèn Mas Pêkik | sarta rumêksaa anèng marga | kang wadya samakta kabèh | wus budhal Ki Tumênggung | Alap-alap Radèn Mas Pêkik | miwah wong Surabaya | rumêksa ing pungkur | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing desa Butuh anênggih | arsa ngujung astana ||
083.014 lajêng sare ngastana sawêngi | ing dagane Kangjêng Sultan Pajang | ing têngah dalu wayahe | ana syara karungu | asung pemut Radèn Mas Pêkik | iya Ki Surabaya | wruhanira besuk | ing Pajang ana nalendra | putunira kacêtha dadi nêrpati | ngadhaton Wanakarta ||
083.015 ingkang ingaranan Ratu Kuning | iya iku kaki putunira | kuloning kutha purane | kagyat anulya wungu | wus raina ngandika aris | mring kang tunggu astana | sun mau angrungu | syara datan katingalan | benjang kene ing têmbe ana nêrpati | anênggih putuningwang ||
083.016 ingkang ajêjuluk Ratu Kuning | nanging sayêmbu lawan Walănda | pun kunci dhingkul lungguhe | Radèn Mas Pêkik muwus | lah karia sang tunggu kunci | samana nulya bubar | tan kawarnèng ênu | Ki Tumênggung Alap-alap | aputusan atur uninga rumiyin | matur mring kangjêng sultan ||
348–349 dari 650

 


Tanggal: sirnaning pêndhawa tinata ratu (AJ 1550). Tahun AJ 1550 jatuh antara tanggal Masehi: 31 Agustus 1628 sampai dengan 19 Agustus 1629. Sangkala ini mengacu pada berakhirnya penyerangan Mataram ke Pati, yang diikuti dengan pengembalian para perempuan keraton (beboyongan) ke istana, serta perintah Sultan Agung untuk mengeksekusi Endranata karena dianggap telah berkhianat. (kembali)