Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
84–85 dari 149
354–355 dari 650
3.532–3.541 dari 6.494
084.015 Dipati Mandurarêja | ngandika mring pra dipati | wadya pasisir sadaya | ing mêngko manira tari | tan ginêcêk tumuli | kutha Jakarta puniku | yèn wong Jawane têlas | wus padha seba mariki | ing jro kutha namung kari Si Walănda ||
084.016 Ki Baurêksa aturnya | yèn suwawi ki dipati | wadya kang mêdal lautan | punika kang dèrèng prapti | dhingin sampun ajangji | ing yuda sarêng tumêmpuh | anggêmpur pun Walănda | lamun sambada ing galih | ingantosan sadina ing kalih dina ||
084.017 Dipati Mandurarêja | anurut aturirèki | Ki Tumênggung Baurêksa | miwah wadya ing pasisir | sadaya rêmbag sami | mêdala ing kalih dalu | ênêngêna saksana | kocapa rajèng Mêtawis | anèng pura pinarêk lawan kang uwa ||
084.018 kangjêng sultan angandika | lah uwa Purubayèki | jêngandika sumusula | mayangana ing ajurit | andika têtuwani | wadya kang mêdal ing laut | nanging wêkas kawula | uwa [[f. 319r]: u...wa] sampun anêmêni | jêngandika adamêl tilas kewala ||
084.019 Panêmbahan Purubaya | sandika anulya pamit | mêdal sangking jro kadhatyan | panêmbahan wus lumaris | nanging tan mawi baris | ngamungna kang anak putu | kapêdhak lan lêlurah | punika ingkang umiring | tan kawarna ing marga praptèng Jêpara ||
084.020 Panêmbahan Purubaya | adarbe palwa pribadi | awasta pun Kaladuta | warnane tuhu ngajrihi | anulya dèn titihi | kang layar binabar sampun | prapta têngah lautan | sigêgên ingkang lumaris | kawarnaa Dipati Mandurarêja ||
084.021 sampun amiyarsa warta | Panêmbahan Purbayèki | amayangi lampahira | langkung merang sang dipati | lampah dèn têtumpangi | anêmbang têngara sampun | Tumênggung Baurêksa | sampun tinata kang baris | wong pasisir barise muntab mêlatar ||
084.022 miwah kang mêdal lautan | wadya Sampang wus mayangi | syarane bala gumêrah | Walănda sampun udani | yèn arsa dèn unggahi | tambure muni gumruduk | Kumpêni wus malatar | mariyêm lela miranti | êbum gurnat gutuk api lan gurnada ||
084.023 sadaya sampun samêkta | mariyême amarêki | saradhadhune prayitna | sinapane kang dèn cangking | kocapa wong pasisir | ajangji sarêng anêmpuh | Adipati Mandura | arsa ngawaki pribadi | ngrasa merang yèn dèrèng yuda kênaka ||
85. Pangkur
085.001 Ki Mandura atêngara | wong pasisir kinèn mangsah ajurit | kang têngara muni umyung | suraknya asauran | karsanira angrangsang kutha anggêpuk | sanjata abarondongan | wong Jawa lawan Kumpêni ||
354–355 dari 650