Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
84–85 dari 149
354–355 dari 650
3.539–3.548 dari 6.494
084.022 | miwah kang mêdal lautan | wadya Sampang wus mayangi | syarane bala gumêrah | Walănda sampun udani | yèn arsa dèn unggahi | tambure muni gumruduk | Kumpêni wus malatar | mariyêm lela miranti | êbum gurnat gutuk api lan gurnada || |
084.023 | sadaya sampun samêkta | mariyême amarêki | saradhadhune prayitna | sinapane kang dèn cangking | kocapa wong pasisir | ajangji sarêng anêmpuh | Adipati Mandura | arsa ngawaki pribadi | ngrasa merang yèn dèrèng yuda kênaka || |
85. Pangkur | |
085.001 | Ki Mandura atêngara | wong pasisir kinèn mangsah ajurit | kang têngara muni umyung | suraknya asauran | karsanira angrangsang kutha anggêpuk | sanjata abarondongan | wong Jawa lawan Kumpêni || |
085.002 | wong pasisir ngamuk rampak | wong Kumpêni prasamya ngati-ati | mariyêm sinulêd sampun | syara lir pendah gêlap | kang pratala [[f. 319v]: pra...tala] obah akathah wong kombul | bala pasisir kèh pêjah | nanging maksih ngrangsang wani || |
085.003 | tan ana măngga puliha | ingkang mara mara akathah mati | ingkang mundur kathah tatu | gêgaman pan wus ura | dening mimis nanging kasaput ing dalu | wong Jawa mundur sadaya | manahira sami miris || |
085.004 | sarêng enjing kawarnaa | Ki Mandura nêmbang têngara malih | wadya kang ana ing laut | pan sampun ingutusan | mapan kinèn sarênga panggêpukipun | palwa wus minggir sadaya | mariyêm sampun miranti || |
085.005 | Walănda sampun atata | bêbêdhilan kang ana ing pasisir | mariyêm anèng pêrau | sampun ngungkuli kutha | sinulêdan syaraning kadi galudhug | kadya gêlap asauran | kang kukus pêtêng lir wêngi || |
085.006 | wadya kang miyos lautan | pan akathah antukira pêpati | mariyêmira pan antuk | Walănda kathah pêjah | têtindhihe pêpitu ingkang kasambut | prandene kang maksih gêsang | tan ana miris ing ati || |
085.007 | ênêngêna kang ayuda | kang kocapa panêmbahan wus prapti | angambang têngahing laut | nênggih pun Kaladuta | palwanira agêng apanjang abagus | nênggih kocaping carita | wontên palwa agêng prapti || |
085.008 | anênggih kapal Walănda | karyanira ayun amêmayangi | gêgaman kang anèng laut | iku kang dadi sêmang | palwa kapal têtiga ing kathahipun | Panêmbahan Purubaya | uninga amarêpêki || |
354–355 dari 650