Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
85 dari 149
357–358 dari 650
3.564–3.573 dari 6.494
085.024 | anulya dandan sadaya | wus mêlatar mariyêm dèn sulêdi | gurnada muni jumlêgur | syaranya kadya gêlap | kang katiban wong Jawa akawur-kawur | Ki Tumênggung Baurêksa | samana anandhang kanin || |
085.025 | katiban mimis sêsawat | pupunira putung manguwir-uwir | wong pasisir kathah lampus | mimis pan kadi udan | wong Walănda mimise kêdhik kang kantun | wêtara kari sadina | nora duwe mimis malih || |
085.026 | Dipati Mandura mulat | balanira tansah kêna ing mimis [[f. 321r]] | dadya rêmbag sarêng maju | Ki Mandura wus mangsah | pra santana sadaya sarêng anêmpuh | wong Walănda kagegeran | mariyême dèn sulêdi || |
085.027 | syarane lir gêlap sasra | kang pratala obah agonjang-ganjing | wong Mêtaram akèh kombul | sawênèh kang kasangsang | ana tiba sawênèh nuli lumayu | kang sawênèh ana sêmpal | wênèh putung nguwir-uwir || |
085.028 | wênèh sirah kaprawasa | janggut pisah gulu manguwir-uwir | sawênèh pupune rêmuk | pukang dadi sêsawat | kang sawênèh ana bêdhah wêtêngipun | ususe akuleweran | wong pasisir akèh mati || |
085.029 | sawênèh binêdhil kontal | tiba tangi anulya mangsah malih | Ki mandura pêrangipun | mimis kadya wêwêdhak | lamun lèrèn ingusapan padha runtuh | anulya mangsah ing rona | wus parêk kalawan biting || |
085.030 | Walănda mimise têlas | kang mariyêm dipun mimisi tai | dènnya ngisèni kasusu | datan ngantèni wadhah | têpiyone ingkang kinarya cêcawuk | kêbêk tai wus pinasang | bêdhil muni udan tai || |
085.031 | wong Madura kathah pêjah | ingkang têguh sami awuru gêtih | gêlabut tai sadarum | wênèh agulagêpan | prajurite sadaya pan sami wuru | wênèh mutah bulaeran | tan kobêr mangsah ajurit || |
085.032 | Dipati Mandura sayah | undurira sami awuru tai | Kya Mandura munggut-munggut | sadalan mutah-mutah | kang santana watara kari rong puluh | wadyanira sampun têlas | kang urip tan bisa tangi || |
085.033 | sami lajêng mring bêngawan | asilulup busana dèn buwangi | sadaya asalin sampun | mantuk mring pamondhokan | Ki Mandura wadyabalane wus rêmpu | nanging maksih waninira [[f. 321v]: wani...nira] | prasamya angrangsang malih || |
357–358 dari 650