Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
86 dari 149
360 dari 650
3.591–3.600 dari 6.494
086.016 wong apêrang tinata jalma kang mulya |[1] iku sangkalanèki | Kiyai Mandura | pan sampun pinêjahan | ing nagara Lèpèntangi | wus ingastana | nênggih ing Lèpèntangi ||
086.017 duk sêmana tan kawarna laminira | Kangjêng Sultan Mêtawis | enjing sinewaka | dening para santona | pêpêk wadya ing Mêtawis | para dipatya | sadaya samya nangkil ||
086.018 angandika sang nata mring arinira | Pangeran Adipati | Silarong kang nama | yayi sira mintara | sira sun ayoni kardi | bala Mêtaram | adunên ing ajurit ||
086.019 Balambangan iku yayi dèn kabêdhah | aja kongsi niwasi | paman Pringgalaya | aja padha pêpeka | lan sakèhe wong Mêtawis | sira adua | yèn ana kang ngaliwing ||
086.020 patènana sira gawe tontonan |[2] lan ingsun anggawani | jêjênêng ayuda | gandhèk pan sanak ingwang | Padurêksa ingsun pilih | anake paman | Pringgalaya sumêndhi ||
086.021 iku ingsun karya awak-awak ingwang | kalawan sira adhi | ya basaa kakang | marang Si Padurêksa | iku sun gawe sêsilih | kang sun go tingal | polahe wong Mêtawis ||
086.022 dina Soma ing benjing sira mangkata | kang rayi awotsari | sang nata wus bubar | sangking ing pagêlaran | malêbêt ing dalêm puri | ngiring bêdhaya | wong dalêm lawan sêlir ||
086.023 wus alami wasona praptèng ubaya | enjang sultan tinangkil | sakèhing prawira | samya pêpêk sadaya | miwah Pangeran Dipati | Silarong prapta | kalihan ingkang rayi ||
086.024 kang wasta dipati ing Pringgalaya |[3] santananya sêpalih [[f. 323r]: sêpa...lih] | kang jaga lumampah | sampun pêpêk sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun miranti ||
086.025 angandika kangjêng sultan mring arinya | bubarêna kang baris | lah ta adhi poma | aja kurang prayitna | kang rayi sigra ngabêkti | têngara munya | bubar wadya Mêtawis ||
360 dari 650

 


Tanggal: wong apêrang tinata jalma (AJ 1551). Tahun AJ 1551 jatuh antara tanggal Masehi: 20 Agustus 1629 sampai dengan 9 Agustus 1630. Lihat juga: wong apêrang anatasi buta kala (AJ 1551) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 63.16.1); wong apêrang anatasing buta tala (AJ 1551) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.15.1); wong apêrang anatasi buta tala (AJ 1551) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 28.15.1). Sangkala ini mengacu pada wafatnya Ki Mandura di Lèpèntangi, sepulang dari pertempuran di Batavia (Jakarta). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: patènana sira gawea tontonan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.19.1); patènana sira anggoa tontonan (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 54.21.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang awasta Ki Dipati Pringgalaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.25.1); kang awasta Adipati Pringgalaya (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 54.27.1). (kembali)