Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
86 dari 149
358–359 dari 650
3.579–3.588 dari 6.494
086.004 | pun Mandura sampun ngawaki priyăngga | tumpês wadyanirèki | anak putunira | akathah ingkang pêjah | sampun mèh angrangsang biting | Arya Mandura | kondur ing mimis tai || |
086.005 | pun Walănda sangking mimisipun têlas | obatipun atipis | têlas kedahira | anêdya têtumpêsan | wong Walănda sampun tintrim | yèn bantonana | wadya sangking Mêtawis || |
086.006 | pasthi bêdhah kuthanipun ing Jakarta | ing mangke kadospundi | karsa sri nalendra | batên yèn siyosêna | panggêcêkipun Walandi | sri naranata | pangandikannya [[f. 322r]: pa...ngandikannya] aris || |
086.007 | lah ta uwa ing mangke karsa manira | sun kon mundur kang jurit | lah ta wruhanira | sakèhe wong Mêtaram | ing sapungkur ingsu[1] benjing | nak putuningwang | lunga sangking Mêtawis || |
086.008 | ing Mêtaram bêdhah mring kang duwe dhawak | tan ana kang dèn ungsi | amung Si Walănda | ingkang angangkat raja | marmane ingsun timbali | ingkang ayuda | ing mêngko sun kon mulih || |
086.009 | lah wong gandhèk kalawan Singanagara | sira lunga dèn aglis | sira timbalana | kang ana ing Jakêrta | undurêna kang ajurit | Si Baurêksa | patènana dèn aglis || |
086.010 | Si Mandura aja mulih mring Mataram | pêrnahêna ing benjing | Kaliwungu sira | lah wus padha mangkata | ingkang kinon awotsari | sigra lumampah | tan kawarna ing margi || |
086.011 | sampun layar aglis prapta ing Jakarta | mapan sampun apanggih | lawan Ki Mandura | pan sampun tinimbalan | kinèn mundura kang jurit | i jêngandika | dhatênga Lèpèntangi || |
086.012 | Ki Mandura wus angrasa manahira | pan anyipta yèn mati | atêngara bubar | sampun anitih palwa | Baurêksa dèn suduki | kala sêmana | wong pasisir atintrim || |
086.013 | sampun bubar wadya pasisir sadaya | Walănda aningali | bungah manahira | angrasa lamun gêsang | pangrasane wong Kumpêni | mungkahe berak | dadi prajurit sêkti || |
358–359 dari 650
1 | ingsun. (kembali) |