Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
87 dari 149
366–367 dari 650
3.653–3.662 dari 6.494
087.008 amariksa[1] kanthaning ajurit | Balambangan kang wong | sapa ingkang amojok gawene | para mantri prasamya wotsari | anênggih rumiyin | kang rosa prangipun ||
087.009 anadhahi pangamuk wong Bali | jêjênêng sang katong | Padurêksa anênggih wastane | wontên sadhèrèkipun satunggil | angamuk ing wêngi | langkung sêktinipun ||
087.010 pun Wăngsakartika kang wêwangi | ngandika sang katong | iku sapa mangkono [[f. 326r]: mangko...no] arane | mapan ingsun durung ngudanèni | kang matur wotsari | anulya umatur ||
087.011 inggih sutanipun paman aji | Pringgalaya kang wong | ingkang dados wawêri nagrine | ing Mêtaram ingkang lampah maling | katur ing sang aji | karuwun tinundhung ||
087.012 angandika sang sri narapati | wong sêsanak abot | lamun nora nana pakewuhe | anglakoni ing lara lan pati | yèn ana ajurit | iku têka ngampung ||
087.013 sira timbalana dipun aglis | sebakna maringong | ya Si Padurêksa ta ing mangke | ingsun junjung dadia bupati | namaa Ngabèi | Têpèngsara iku ||
087.014 ajajara lan santana mami | sèwu lungguhnya wong | pra santana angèstrèni kabèh | sampun bubar sang sri narapati | malêbêt ing puri | para graha mêthuk ||
087.015 duk sêmana Sultan ing Matawis | têlasing lêlakon | nulya ing Ngukur duk pambalike | angrêmbugi Sumêdhang ambalik | duka sri bupati | marang Singaranu ||
087.016 mara sira dadia tatindhih | sêparo kang uwong | ya ta lumampah kang punggawane | maring Ngukur punggawa Matawis | tan amanggih jurit | binoyongan sampun ||
087.017 sarupane ingkang lanang mati | kang wadon binoyong | sampun prapta ing Mataram age | dadya ajrih kang măncanagari | pan dadi têpaning | bedhahe ing Ngukur ||
366–367 dari 650

 


Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)