Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
89 dari 149
375–376 dari 650
3.749–3.758 dari 6.494
89. Dhandhanggula | |
089.001 | binabadan marang kang anulis | pan bujangga wêwalu tinata | iku dèn èngêt mangsane |[1] para punggawa kumpul | ing paseban atata linggih | wadya pêpêk sadaya | anèng alun-alun | sampun sami parêmbagan | kang jumênêng nalendra anèng Mêtawis | parentah tanah Jawa || |
089.002 | kawarnaa sira Adipati | Purubaya anèng pagêlaran | pinarêk ing witanane | pangandikanira sru | wong Mêtaram wruhanirèki | nagara ing Mêtaram | nora nana ratu | nanging ingsun adipatya | kang parentah wadyabala ing Mêtawis | sapa ingkang malanga || |
089.003 | têkakêna prakosyanirèki | sakathahe santana Mêtaram | ingsun musuhira mangke | pra santana tumungkul | miwah sakèh para bupati | sami ajrih sadaya | tan ana kang purun | mring Pangeran Purubaya | sami anut tan wontên suwalèng budi | sakarsa tan lênggana || |
089.004 | Adipati Purubaya aglis | ingkang putra anulya ingangkat | Pangran Arya Mêtarame | linungguhakên sampun | ing dhêdhampar gadhing rinukmi | kasur babut sinulam | linênggahan sampun | Kangjêng Pangeran Purbaya | sampun lèngsèr anunggil para dipati | kagyat sakèh tumingal || |
089.005 | sakathahe santana Mêtawis | nora nyana Pangeran Purbaya | lamun mangkatên karsane | dadya sangsaya suyud | sakathahe wadya Mêtawis | pan mupakat sadaya | tan ana kang nyandhung | miwah kang para santana | tuwa anom sadaya sami ngèstrèni | ing kangjêng sri nalendra || |
089.006 | Dhatuk Sarip miwah para kaji | pra pandhita ngèstrèni sadaya [[f. 331v]: sa...daya] | pangulu lawan kêtibe | donganira jumurung | yèn Pangeran Arya Mêtawis | gumantya ingkang rama | amêngku kaprabun | jumênêng Kangjêng Susunan | Amangkurat Senapati ing rat Jawi | jêjuluk Ngabdulrahman || |
089.007 | Sayidina Panataagami | wong Mêtaram atêntrêm sadaya | miwah para ratu kabèh | măncanagaranipun | tanah sabrang prasamya ajrih | tan kawarna laminya | dènnya madêg ratu | duk samana acangkrama | mring bêngawan sagraha para bupati | kêrigan saha bala || |
089.008 | enjing bubar sang nata gumingsir | masanggrahan anèng Jagabaya | Tumênggung Mataram age | tur uninga sang prabu | lamun wontên putusan Bali | angambang ing samodra | têpis iringipun | Balambangan wus kaidak | sigra kondur sang nata ngadhaton aglis | sarêng enjing sineba || |
089.009 | Jêng Pangeran Purbaya tinari | aturira langkung ingkang karsa | wadya pan kadêling kabèh | angandika sang prabu | mring Tumênggung Wiragunèki | sira padha dandana | ingsun kon anglurug | Si Tumênggung Danupaya | rewangingira angirida wong Matawis |[2] lan wong măncanagara || |
089.010 | Si Tumênggung Mêtaram sirèki | angirida pasisir sadaya | mêtua laut sikêpe | nanging ta putraningsun | Adipati Sampang sirèki | nora sun kêrsakêna | milua anglurug | nanging pancinên kewala | para mantri sapatute kang prayogi | Dipati Sampang nêmbah || |
375–376 dari 650
1 | Tanggal: bujangga wêwalu tinata iku (AJ 1588). Tahun AJ 1588 jatuh antara tanggal Masehi: 14 Juli 1665 sampai dengan 3 Juli 1666. Sangkala ini mengacu pada pengangkatan Pangeran Arya Mataram oleh Adipati Purbaya, yang dalam kesempatan tersebut menyatakan bahwa tidak ada lagi raja di Mataram dan bahwa dirinya hanya memimpin sebagai adipati di Mataram. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: rowangira angirida wong Matawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 81.21.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 31.21.9). (kembali) |