Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
89–90 dari 149
378–379 dari 650
3.777–3.786 dari 6.494
089.029 | sri nalendra kumêdut kang galih | amiyarsa ature kang uwa | duka sajroning galihe | angandika sang prabu | uwa karsa manira mangkin | lamun èstu mangkana | inggih karsaningsun | Si Tumênggung Pasingsingan | pinatenan yèn puniku boya mati | pasthi yèn dadi karya || |
089.030 | jêngandika uwa benjing enjing | mêdalana ing karya pabatan | Pasingsingan bubuhane | yèn wus sami anambut | Pasingsingan yèn sampun prapti | anuli sudukana | tigas êndhasipun | Kangjêng Pangeran Purbaya | aturira sandika tumulya pamit | lèngsèr ngarsa sri nata || |
90. Sinom | |
090.001 | wus mêdal sangking jro pura | Jêng Pangeran Purbayèki | para mantri ing Mataram | sadaya sami winangsit | sampun angati-ati | tan kawarna ing dalu |[1] sarêng enjing Pangeran | Purbaya anulya [[f. 335r]: a...nulya] mijil | mring pabatan jênêngi wong nambut karya || |
090.002 | sakathahe wadyabala | kumêrab anambut kardi | ing pêrnahe sowang-sowang | ya ta nêngêna rumiyin | ki tumênggung winarni | Pasingsingan sampun rêmbug | kalawan anakira | Agrayuda kang winêling | lah ta sira Agrayuda sangaria || |
090.003 | lawan kulawarganira | padha adadana sami | sasikêpe wong apêrang | dening sun seba rumiyin | isun anambut kardi | bêbata paseban kidul | yèn mêngko awan-awan | sêdhêng wong bêbata mulih | sun utusi sira dèn aglis lumampah || |
090.004 | lan sakulawangsanira | sarta sagêgamane jurit |[2] sampun dènira pitungkas | ki tumênggung sigra mijil | saking wismanirèki | prapta ing paseban kidul | Tumênggung Pasingsingan | lampahnya adingkik-dingkik | ngulap-ulap kang nambut karya winawang || |
090.005 | Jêng Pangeran Purubaya | mapan ta sampun udani | yèn Tumênggung Pasingsingan | punika kang lagya prapti | kang sampun dèn pasangi | wus parêk sigra cinêluk | Tumênggung Pasingsingan | sira linggiha ing ngriki | Pasingsingan apulya[3] lênggah ing ngarsa || |
090.006 | para mantri kinêjepan | sampun uninga ing wangsit | sigra sarêng anêrajang | Pasingsingan dèn suduki | tan kêna amalêsi | kêrisira nora kunus | Pasingsingan wus pêjah | wonge kang ngiring-iring |[4] ebat mulat sami lumajêng sadaya || |
090.007 | wus kinêtthok[5] kang mastaka | anulya sira cinaking[6] | ingaturakên Pangeran | Purbaya suka kang galih | mastaka dèn wadhahi | nulya marêk ing sang prabu | kang kadhaton ing Karta [[f. 335v]] | sigêgên ingkang lumaris | kang kocapa Agrayuda anèng wisma || |
090.008 | wus ingaturan uninga | yèn kang roma dèn suduki | mastakane wus binêkta | ingaturakên sang aji | Agrayuda anangis | karsane bela tumutur | sampun ngrasuk busana | akêre sarta kêlambi | sigra mangkat Agrayuda ngagêm tubak || |
378–379 dari 650
1 | Kurang satu suku kata: datan kawarna ing dalu. Bandingkan: datan kawarna ing ênu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 67.1.6). (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: sarta gêgamane jurit. Bandingkan: sarupane aja kari (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 67.4.2). (kembali) |
3 | anulya. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wadyane kang ngiring-iring (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 67.6.8). (kembali) |
5 | kinêthok. (kembali) |
6 | cinangking (dan di tempat lain). (kembali) |