Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
90 dari 149
380–381 dari 650
3.797–3.806 dari 6.494
090.019 pangandikane mlasarsa | kaya ngapa sira yayi | ujarira sun piyarsa | ana karasa ing ati | kang rayi awotsari | Pasingsingan polahipun | kawula tan uninga | saking karsane pribadi [[f. 336v]] | ila-ila punapa ulun puruna ||
090.020 angandika sri nalendra | yèn kaya mangkono yayi | yèn sira nora uninga | mêko karsaningsun yayi | lêlurah kabèh nênggih | wêwalu iku sun pudhut | lah sira ulihana | sun antèni sira yayi | jêng pangeran anêmbah matur sandika ||
090.021 lèngsèr sangking ing ngajêngan | datan kawarna ing margi | aglis prapta dalêmira | lêlurah dipun tibali | anulya sami prapti | wêwalu ing kathahipun | wastane ingkang tuwa | Ănggapatra Ănggapati | Ănggayuda kalawan Ănggalêksana ||
090.022 Astranaya Astranăngga | kalawan pun Astrapati | kawalu Astrawadana | Ki Wiralodra anênggih | punika angêmbani | sasorane ki tumênggung | sampun pêpêk sadaya | jêng pangeran ngandika ris | lah sakèhe lêlurah isun sadaya ||
090.023 ing mêngko sira sun udang | pinudhut ing kakang aji | isun aturkên sadaya | lêlurah samya wotsari | kawula nuhun gusti | yèn kawula dipun pudhut | dening raka paduka | tan wande dipun pêjahi | jêng pangeran aris dènira ngandika ||
090.024 ingsun pan nora uninga | ing karsane kakang aji | buh matia buh uripa | sira pinundhut nêrpati | pan ingsun nora wani | lênggana ing kakang prabu | lah mara lakonana | lêlurah samya wotsari | aturira sêdaya sami karuna ||
090.025 gusti kang abdi sêdaya [[f. 337r]] | botên wande angêmasi | yèn sampeyan aturêna | lila têmên mring kang abdi | yèn kawula wus mati | kadospundi gusti pungkur | inggih solah paduka | yèn kawula sampun mati | lêlurahe asangêt panggubêlira ||
090.026 kang anèng jawi miyarsa | ing jêro syaraning tangis | sami malêbêt sêdaya | wus prapta milu anangis | sadaya angaturi | sampun suka gustiningsun | sigra pun Ănggapatra | Ănggayuda Ănggapati | sakancane sami umatur sadaya ||
090.027 dhuh gustiningsun pangeran | punapa sampeyan gusti | yèn kang abdi sampun pêjah | panduka katun ing wuri | punapa mêksih mukti | mêksih jumênêng wong agung | ing pangraos kawula | yèn ingkang abdi ngêmasi | lan sampeyan kadi ta batên sêlaya ||
090.028 angjêngêr[1] kangjêng pangeran | miyarsa aturing abdi | kèwêdan sajroning manah | sigra angandika aris | kayaparan ing mangkin[2] | rêmbuge sabatur ingsun | lêlurah samya nêmbah | ing mangke paduka gusti | sampun umyung yèn paduka salah karsa ||
380–381 dari 650

 


anjêngêr (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 67.27.1). (kembali)
Terdapat dobel sandangan: mangkin atau mangkèn. (kembali)