Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
92–93 dari 149
395–396 dari 650
3.945–3.954 dari 6.494
092.031 ingsun pan kinèn gumingsir | putune kang jumênênga | mêngkono iku sêmune | si paman ing Surabaya | dene anggege măngsa | wong atuwa nora patut | putune age ligiha ||
092.032 sakathahe para mantri | pugawa samya miyarsa | sri narendra andikane | pan sami ajrih sadaya | kondur sri naranata | tan kawarna laminipun | wong jru pura kathah warta ||
092.033 wus misuwur dhatêng jawi | pangeran ing Surabaya | sampun mirsa ing wartane | yèn sang nata langkung duka | marga sangking bakisar | sakalangkung ajrihipun | pasêmone sri narendra ||
092.034 pangeran micarèng galih | datan nyana sri narendra | asalah tămpa galihe | dadya Pangran Surabaya | karsa marêk sang nata | atur pêjah gêsangipun | sarayate dipun bêkta ||
092.035 miwah ingkang para rabi | santana jalu [[f. 346v]: ja...lu] wanodya | punika binakta kabèh | Jêng Pangeran Surabaya | sampun mangkat aseba | kawarnaa sang aprabu | sampun miyos siniwaka ||
092.036 andhèr kang pugawa mantri | bupati pêpêk sadaya | miwah para sêntanane | atap anèng pagêlaran | warnanên sri narendra | pinarêk ing sitiluhur | sang nata asêmu duka ||
092.037 dening bakisar ing nguni | pangeran ing Surabaya | nèng ngandhap waringin pepe | lan santanane sadaya | angaturakên tobat | prasêtyanira kalangkung | tinarima ing sang nata ||
092.038 si paman undangên aglis | lan si bibi atumuta | sigra tinimbalan age | pangeran ing Surabaya | tumamèng ngarsa nata | lawan Ratu Pandhansantun | alênggah sarwi mangrêpa ||
092.039 angandika sri bupati | sampun dadya ingkang manah | amiyarsa ing wartane | inggih paman jêngandika | dèn agêng kang pracaya | pangeran ature nuwun | manise kang pangandika ||
93. Dhandhanggula
093.001 nulya kondur sang sri narapati | Jêng Pangeran Surabaya bubar | sampun rawuh ing dalême | sakulawarganipun | kawarnaa sri narapati | animbali kang wadya | pan karsa ingutus | kapêdhak jêro kang nama | Wăngsatruna kang satugal Udapati | sampun prapta ing ngarsa ||
395–396 dari 650