Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
94 dari 149
399–400 dari 650
3.990–3.999 dari 6.494
094.023 putunira pangeran dipati | abrăngta wong wadon | pan sang nata ing sasêngkêrane | payo mêngko padha labuh pati | kang graha nuruti | karsane sang kakung ||
094.024 wus lumampah jang[1] Pangeran Pêkik | lan kang [[f. 350r]] garwa miyos | sampun prapta Kawirarêjane | kang atunggu lawang matur aglis | yèn Pangeran Pêkik | saha graha rawuh ||
094.025 ki ngabèi amêthuk ing kori | ingaturan alon | pinaraka kalihan garwane | Wirarêjan manggihi sarimbit | pangran ngandika ris | ngabèi nakingsun ||
094.026 angandika mas putu dipati | larane anglamong | wiwitane uni sangking kene | aningali sêngkêran nêrpati | sangking Surawèsthi | Mangunjaya sunu ||
094.027 anak ingsun manira mariki | iku gaweningong | sasêngkêran kang ana ing kene | ingsun jalu[2] yèn sira suwawi | dadia jêjampi | larane mas putu ||
094.028 Kyai Wirarêja matur aris | ulun jrih sang katong | asru lênggona ing sakarsane | saduka-duka kawula ajrih | yèn maksa karsaning | kawula umatur ||
094.029 dados punapa dukaning aji | kesaha sang sinom | pasthi ulun tinumpês sang natèng | măngsa sampeyan kenging kaungsi | Pangran Surawèsthi | tan kêna amuwus ||
094.030 langkung kèwêdan sajroning galih | tan kêna miraos | Wirarêja abênêr ature | nadyan Pangeran Pêkik nauri | abênêr sirèki | nanging ingsun jaluk ||
094.031 yèn ana dukane sri bupati | manira kang tanggon | kang duwe karsa ujar putrane | Wirarêja nulya dèn paringi | kang singsim kêkalih | rêginipu[3] nyèwu ||
094.032 Kangjêng Ratu Surabaya paring | mapan sami wadon | sêsumping roro lan wastra cindhe | reyal satus sampun dèn paringi | bungahe kapati | atămpa pasusung[4] ||
399–400 dari 650

 


1 Jêng. (kembali)
2 jaluk. (kembali)
3 rêginipun. (kembali)
4 pasungsung. (kembali)