Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
95 dari 149
401–402 dari 650
4.010–4.019 dari 6.494
| 095.006 | lah ta nyawa putuningsun | aja sira walang ati | yèn ana dukaning nata | manira kang anaguhi | tumêkaa lara pêjah | ingsun dhewe kang nglabuhi || |
| 095.007 | kang wayah kalangkung nuwun | alon dènira wotsari | ingkang eyang angandika | lah ta putu ingsun mulih | sira kantuna kalihan | wus kondur Pangeran Pêkik || |
| 095.008 | sampun rawuh dalêmipun | kawarnaa ingkang kari | kangjêng pangeran dipatya | sang rara sinambut aglis | binakta marang paprêman | sang rêtna angêmu tangis || |
| 095.009 | sang rajaputra angrungrum | dhuh mas mirah ingsun gusti | kawula atur uninga | salaminingsun ningali | wong ayu marang ing sira | tan kêna dhahar lan guling || |
| 095.010 | sadina-dina gung wuyung | amung sira kang kaèsthi | ing mangke angrasa gêsang | sarawuhira dyah ari | lir kadi katiban wulan | wayahe purnama sidi || |
| 095.011 | sang dyah ayu alon matur | kawula atur upaksi | yèn sampeyan tan uninga | kawula nênggih piningit | dening rama jêngandika | duk kawula maksih alit || |
| 095.012 | arêmên panduluningsun | kapalang kawula alit | ing mangke sampun diwasa | sang nata dèrèng udani | pangeran dhatêng kawula | nuntên sampeyan dhingini || |
| 095.013 | rajaputra nulya ngrangkul | ing madya angaras pipi | arum wijiling wêcona | dhuh mas mirah ingsun yayi | kalamun duka jêng rama | pan ora [[f. 351v]] ingsun gingsiri || |
| 095.014 | nadyan tumêkaa lampus | wong roro barêng ngêmasi | rajaputra angrêrêpa | tan dêrona aningali | angukih padoning wastra | sang dyah tangkis asta kalih || |
| 095.015 | dhuh pangeran lae sampun | baya akarsa punapi | andika aguragapan | sang kakung ngaran[1] nauri | dhuh mas mirah kang sun têtdha[2] | kang dadi jampining agring || |
401–402 dari 650
| 1 | ngaras (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 87.41.4; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 37.40.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 6.41.4). (kembali) |
| 2 | têdha (dan dintempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 87.41.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 73.41.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 37.40.5). Bandingkan: nêdha (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 6.41.5). (kembali) |