Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96–97 dari 149
407–408 dari 650
4.064–4.073 dari 6.494
096.030 mapan angèngèr kang paman | Trunajaya maksih alit | lama-lama adiwasa | winastanan angalani | ing putrane Dipati | Cakraningrat ingkang sêpuh | mila Ki Trunajaya | akarsa dipun patèni | anging tiyang Madura kathah kang wêlas ||
096.031 mila atêmahan gêsang | angungsi pangran dipati [[f. 356r]: di...pati] | wong kadipatèn sadaya | kang agêng dipu[1] sarogi[2] | mring Cakraningrat nênggih | ya ta pinrih aja katur | mila Ki Trunajaya | ngawula tan antuk margi | ambêlayang sarira kalunta-lunta ||
096.032 ya ta ing alama-lama | pinundhut mantuk anênggih | marang Pangeran Kajoran | sakêlangkung dènnya asih | wantune wong atapi | Pangran Kajoran wus wêruh | lamun Ki Trunajaya | binatang dadi prajurit | ingkang yogya ngebahakên paksi nila ||
97. Dhandhanggula
097.001 Pangran Kajoran ature aris | yèn mêkatên gusti ingkang karsa | pun kaki pituduh bae | kawula darbe mantu | Trunajaya ingkang wêwagi | anakipun Ki Dêmang | Mêlaya kang sampun | lan Pangeran Danupaya | papunika[3] nah anggèr langkung prayogi | kinarya kang wêrana ||
097.002 angadêga ing Madura benjing | dene anggèr wirayat kawula | mèh tumêkèng ing jangjine | Mêtaram sampun sêpuh | mapan sampun karsaning Widi | nagari ing Mataram | risak babdhenipun[4] | sirna ingkang panjênêngan | datan gingsir sampun karsaning Yang Widi | nagri Mataram rêngka ||
097.003 sawab dene anggèr sampun lami | jênêngipun nagari Mataram | turun ping gangsal kathahe | yogya ganti kadhatun | mapan kantun ingkang miwiti | ambêdhah ing Mataram | sarta jangjinipun | nanging ta anggèr kawula | kapiawon dhumatêng ing rama aji | amimitana karya [[f. 356v]] ||
097.004 mila kawula akarya wakil | Trunajaya kados yèn ambangkat | jêng pangeran andikane | kawula ayun wêruh | eyang jêngandika timbali | kang aran Trunajaya | tinimbalan sampun | wus kering Ki Trunajaya | sigra prapta alênggah ngarsaning gusti | pangeran rêsêp mulat ||
097.005 Pangran Kajoran ngandika aris | marmanipun sira tinimbalan | mring gustimu nahing anggèr | karsa tinari kewuh | lamun sira kaki abakit | pan kinarya wêrana | tumêka ing lampus | kinarsakakên awayang | awakira iku kang kinarya ringgit | poma kaki dèn bisa ||
097.006 angandika pangeran dipati | iya adhi sira aringgita | dene bêcik kalakone | yya karubuhan panggung | adhi Trunajaya kang dhêmit | aja nêrajang pada | nyèbêt marang ingsun | yèn ana arjane lampah | ingsun jêro sira kang ana ing jawi | parentah wong Mataram ||
097.007 Panêmbahan Kajoran sigra ngling | ing wong mayang aja anêrajang | karana ika ringgite | aja krubuhan panggung | pasthi sira tumêkèng pati | Trunajaya wus duga | ing pasêmonipun | yèn kinarya lêlampahan | aturipun sandika datan gumingsir | nadyan dhatênga pêjah ||
407–408 dari 650

 


1 dipun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.33.4). Bandingkan: dèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 74.34.8). (kembali)
2 sorogi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.33.4). (kembali)
3 pan punika (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 88.36.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.1.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 38.36.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 75.1.9). (kembali)
4 badhenipun. (kembali)