Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
97 dari 149
409–410 dari 650
4.085–4.094 dari 6.494
| 097.019 | bupatine maksih nèng Matawis | sira ngabèi ing Pajarakan | mila suwung nagarane | ênêngêna karuwun | kawarnaa rajèng Mêtawis | lagya miyos sineba | kangjêng sang aprabu | pêpêk ingkang para putra | myang sêntona punggawa lan para mantri | andhèr ing paglêlaran[1] || |
| 097.020 | ingkang munggèng ngarsane nêrpati | Pangran Dipati Anom Mataram | Pangeran Pugêr jajare | kalawan arinipun | nênggih pangeran ing Singasari |[2] Pangeran Martasana | samya munggèng ngayun | anulya para santana | Jêng Pangeran Purubaya sama[3] nangkil | lan Pangran Pringgalaya || |
| 097.021 | Pangeran Balitar jajarnèki | lawan Rahadèn Wiramênggala | lan Radèn Wirarêjane | Wirasantana ngayun | miwah Ki Tumênggung Mêtawis | miwah Panji Karsula | lanwan[4] ki tumênggung | kang aran Mangunnêgara | pêpêk kabèh para bupati Mêtawis | tanapi wadyabala || |
| 097.022 | wêdanane wong măncanêgari | Ki Tumênggung Darmoyuda sohan | andhèr prasamya apepe | anèng waringin kurung | lan sakancanira bupati | Ngabèi Pajarakan | lawan ki tumênggung | ing nagari ing Caruban | lan tumênggung ing Wirasaba anênggih | Ngabèi Prabalingga || |
| 097.023 | miwah bupatine Gêmbong nangkil | mantri măncanagara sadaya | nèng waringin kurung pepe | katingalan [[f. 358v]: katinga...lan] sang prabu | angandika sri narapati | sapa apepe ika | ing waringin kurung | matur Pangeran Purbaya | inggih adi[5] paduka sri narapati | Ngabèi Darmayuda || |
| 097.024 | sakancanipun măncanêgari | samya pepe ing waringin kêmbar | sang nata pangandikane | maring gandhèk pangayun | sira timbalana dèn aglis | kang kinon awotsêkar | lampahe agupuh | nimbali Ki Darmayuda | sakancane wus kering duta nêrpati | lumpmampah[6] mêmandhapan || |
| 097.025 | prapta ngarsane sri narapati | mukanira lir konjêm pratala | pra punggawa konjêm kabèh | angandika sang prabu | hèh mulane pepe sirèki | Darmayuda anêmbah | kawula anuwun | ngaturakên pêjah gêsang | sangking tiwas kawula têngga nêgari | ing tampingan bang wetan || |
| 097.026 | wontên malih Makasar dhatêngi | wêtawise tiyang kalih nambang | pun Galengsong pangagênge | langkung dènira rusuh | angrêrayah ing têpis iring | nêgari Pajarakan | kang kaambah gêmpur | abdi dalêm alit rêsak | ingkang băngga sadaya dipun pêjahi | ingkang nutut rinayah || |
| 097.027 | abdi dalêm sadaya atintrim | pangagênge Makasar punika | ing Dêmung pasanggrahane | kawula nuwun bêndu | kadospundi karsa nêrpati | sang nata asmu duka | angandika asru | yèn mangkono Darmayuda | sakabèhe iya wong măncanêgari | iku padha muliha || |
| 097.028 | nuli sira pagutên ing jurit | mungsuh Makasar kang [[f. 359r]] lagya prapta | wong wetan kêrigên kabèh | angluruga mring Dêmung | lawan ingsun paringi tindhih | Si Karsula miyanga | angirida laku | prange wong măncanagara | lawan sira gawaa mantri panumping | sèwu lan numbakanyar || |
409–410 dari 650
| 1 | pagêlaran (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 75.18.10; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.19.10). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: nênggih pangran ing Singasari. Bandingkan: lan Pangeran Pugêr anênggih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 88.54.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.20.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 75.19.5); lawan Pangran Pugêr anênggih (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 38.54.5). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: samya (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.20.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 38.54.9); sami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 75.19.9). (kembali) |
| 4 | lawan. (kembali) |
| 5 | abdi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.23.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 88.57.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 75.22.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 38.57.9). (kembali) |
| 6 | lumampah. (kembali) |